Kaca iki wis divalidasi
Wangsulaning pitakonan, bagéan 3.
- Ora bathi, marga wadoné kang dadi rugi.
- Tumekane kabegjan ijih suwé.
- Karepe kasembadan, nanging kacingkrangan
- Pegatan énggal balèn.
- Kang perang unggul lan tumuli teka.
- Paduné menang lan ora kelangan.
- Ing dharatan oleh untung, nanging sathithik.
- Keduten arep tampa kiriman barang.
- Impèn iku ora becik kadadéané.
- Dina iku ana sangkalané, nanging siji kang dadi.
- Sapisan iki dingapura, mburi kèri ora.
- Kang lara katulungan, nanging suwé warasé.
- Metu wadon cendhak umuré.
- Lanang rabi ala, wadon laki bagus.
- Ningkahan ora becik kadadéané.
- Wong iku katoné asih, nanging gawé cilaka.
- Yèn lumaku dina iki slamet.
- Sanak iku kena uga dipercaya.
- Barang ilang ora ketemu.
- Wong kang lunga énggal teka.
- Ing kéné ora oleh kabegjan.
Wangsulaning pitakonan bagéan 4.
- Kabegjan méngko tumiba ing nagara kéné.
- Nemu kapitunan sathithik.
- Kabegjan tumeka, nanging sathithik.
- Karepe kasembadan, nanging dijaili.
- Pegatan ora niyat balen.
- Kang perang tatu, bisa uga mati.
- Papadon ora bisa rampung tumuli.
- Ing dharatan bisa uga untung ora kaharu - biru.
- Kedut adep oleh kabar saka sanak.
- Impèn iku becik.
- Dina iku adoh sangkalané, nemu slamet.
- Kasusahan ora oleh pangapura.
- Becik disedhiani, bisa uga mati.
- Metu lanang uga ora miturut wong tuwa.
- Lanang rabi ayu, wadon laki ala.
- Ningkahan iku becik.
- Ora dhemen lan neja gawé susah
- Yèn lumaku dina iki slamet.
- Sanak iku ora slamet atiné, niniwasi.
- Barang ilang énggal katemu.
- Wong kang lunga ora mulih yèn durung rabi.
237