Layon kang mripate durung merem dieremake. Cangkemé kaingkemaké sarana kacu, kataliaké ing jangut kaolèhaké sirah. Tangan kasidhakepaké ing weteng sisih kiwa, èpek-èpek tangan tengen katumpangake ing èpek-èpek tangan kiwa. Sikil kasalonjoraké kang lurus aja nganti nekuk.
Sawisé banjur: didusi, dongané: Nawètu ada'a farheilil gasli hadlal mayit. Yèn wis resik banjur diwuloni, dongané: Nawètu ada'a wudlu man hadlal mayit, Banjur dilap nganggo andhuk.
Layon banjur dielih ing papan kang wis disedhiakaké. Layon sadurungé dibuntel, ing embun-embunan lan sakabèhing bolongan; mripat, irung, kuping, lan bibé ngisor dhuwur (nutupi cangkem), wudel, jubur, ing wuwadi apadéné ing sakabèhing ros-rosan padha ditutupi kapuk kang diwur-wuri kèriklan utawa bubukan cendhana, sawisé banjur dibuntel lawon utawa mori. (dipocong).
Yèn wis rampung banjur diselèhaké ing bandhosa sarta karengan sepantesé, banjur disalataké, dongané :
Berikut adalah transkripsi teks dari gambar yang Anda unggah:
- Usoli ala zinazati fardlan lilahi ta'ala.
- Takbir
- Alfatékah.
- Takbir.
- Slawat Nabi.
- Takbir
- Allahuma firlahu warkhamhu wa’a finii wa fu’anhu, iku layon lanang. Déné yèn layon wadon : Allahuma firlahu wakhamha wa’a finii wa fu’anha.
- Takbir.
- Allahuma la tukharimma ajrahu wala lafina badahu wag firlana wallahu.
- Salam nolèh manengen lan mangiwa.
Yèn wis samekta banjur diangkataké marang kuburan. Déné enggoné ngubur yaiku: layon kacemplungaké ing kaluwat (luwang) anggoné nurokaké rada miring mangulon, rai kabukak lan rada sumungkem mangisor. Supaya layon ora kurugan lemah, sandhuwuring layon kira-kira 3/4 M. saka ngisor ditutup watu, blabag utawa diglogor (nganggo pring) banjur diadani. Sarèhné adan wis lumrah dirungu, ing kéné adan ora kapratélakaké uniné.
Sabubaring adan banjur nyawuraké lemah kaping pindho, nyawuur sapisan muni: minha khalaknakun, kapindhoné muni: wafihna, nui i'dukun.
Luwangan banjur dirungi, sarampungé banjur ditelkim, uniné Ya'abdallah-lahibnu abdiyalahi; ud kuril ahdaladi kunta allaihi fiddarid dunya, waka rojita illa daril khairat, ida sa akal malakamil ha'ilani.
232