Kaca iki wis divalidasi
- Kumarané rupa mina cucut, geni kang lumaku magalor marang lintang, wateké panas banget, yèn ana gawé pari, gawé pisah lan rowang akèh wong nemu pendeman mas.
Katrangan : Sasi Sura tanggal 1 kang tiba dina lan pasarané kang neptu 7, 8, lan 9, ora kasebutaké dadi ora ana wahanané, tegesé sajroné tahun iku ara ana kadadéyan apa-apa.
No. 314. Kadadéyané manungsa saka tumuruné
wiji manut dina lan pasaran.
wiji manut dina lan pasaran.
| Dina pasaran | Tumuruning wiji | Wijining | Watak lan cocoging pagaweane |
|---|---|---|---|
| Legi | Pupu kiwa | Priyayi | Keras budiné, kenceng, resik, nyuwita nagara. |
| Paing | Pupu tengen | Sudagar | Keras, panasbaran, santosa, wentalan, babakulan ing dharatan utawa lalayaran nyabrang sagara. |
| Pon | Pelandhungan | Narakarti (sudagar) | Pamér, akèh wicarané, bisa nganggit basa, yèn dagang disuyudi wong. |
| Wagé | Lambung | Tani | Sabar, sarèh, tawekal, tetanèn bisa tulus. |
| Kliwon | Githok | Ratu | Dhuwur angkuh, sembada sabarang gawé bisa nindakaké. |
No. 315. Pikanonan bayi lahir.
Yèn wong pitakon, bayi kang ana ing wetengan metu lanang apa wadon, neptuné aksara jenengé kang takon gunggungen karo neptuné dina lan pasaran nalika takon, banjur kapara 3, yèn turah 1, metu lanang, 2, metu wadon, 3, walahualam.
Katrangan : Neptuné dina lan pasaran miturut kang kasebut ing kaca 7 No, 2. Déné aksara kang takon miturut kang kasebut ing kaca 43 No. 65.
222