Kaca iki wis divalidasi
No. 312. Wataking windu papat
Gantine windu iku saben ing tahun Alip, ing ngisor iki pratélané:
- Windu Adi, manggon ing kidul wétan. yèn ana ratu jumeneng panjang yuswane. Nanging akeh manungsa kang wali maring wong tuwané lan gustine.
- Windu Kuntara, manggon ing kidul kulon. Yen ana ratu jumeneng panjang yuswane. Nanging ing tengah-tengahing windu, wong cilik akeh kang wani maring gustine, sarta ana perang gedhe.
- Windu Sangara, manggon ing lor wétan. Yen ana ratu jumeneng panjang yuswane. Nanging larang pangan lan yèn ana mungsuh saka lor wétan ambedhahake nagara.
- Windu Sancaya, panggonane lor kulon. Yen ana ratu jumeneng, ora dawa yuswane sarta karusakan nagarane
No. 313. Dina tibaning tanggal.
Yen sasi Sura tanggal 1, tiba dina lan pasaran kang neptuné katemu:
- Kumarane rupa keluyu, aras tulis kang lumaku, wateké ana perang gedhe, kuwating nagara (kidul kang duwe laku, margane' pepet ing satahun iku.
- Kumarane rupa mina (iwak) bluthak aras kursi kang lumaku marang wujud tunggal, wateke akeh wong eling marang Pangeran, murah kang sarwa tinuku, nanging kéwan lan manuk akeh mati.
- Kumarane rupa mina layur, aras gunung arané, manuk kang lumaku, wateke akèh wong kang padha rerene, utawa ngumbara, sabab larang sandhang pangan, akeh wong mlarat, banjur padha colong jupuk.
- Kumarane rupa mina olor, wulan kang lumaku mangétan marang srengenge, wateké sabarang gawe rahayu, akèh wong éling marang Pangéran, akeh wong antuk kanugrahan.
- Kumarané rupa mina wrangas, lintang kang lumaku mangidul marang geni, wateke akèh wong suwala rebut bener, akeh pitenah lan apus - apus.
- Kumarané rupa mina lodan, srengéngé kang lumaku marang bumi, wateke akèh pandhita utawa para mukmin padha pelayaran, wong akeh padha rebutan amal, pikir gagayuhan kang sineja padha wurung kendhih déning jájilla'nat.
- Kumarane rupa mina tangkur, banyu kang lumaku wateké akeh wong gering rumab, panastis, pilek lan watuk, wong akeh susah.
- Kumarané rupa mina cingcinggoling, mandheg meneng tan lumaku wateke akeh wong mati tanpa lara, pandhita padha prihatin.
221