Wawaton miturut neptune dina lan pasaran nalika kelangan kagungung banjur kapara 5, turah pira.
Yen turah 1, tiba Akhmad, kang nyolong kabantu batile de vé barang bisa katemu.
Yèn turah 2, tiba Ngijrail, kang nyolong gedhé badané pakulitané ireng, mbesengut, ala rupane, barang ora bisa katemu, uga bisa. katemu nanging
kangélan.
Yèn turah 3, tiba Yusup, kang nyolong wong lananga utawa wadona, naging dibantu wong wadon becik rupane lan kelakuané. Yèn kang nyolong wong wadon, wongé sing uwis becik rupané lan kelakuane. Barang ditampani wong lanang, sanajan bisa katemu nanging kanthi susah banget.
Yen turah 4, tiba Brahim, kang nyolong sedheng dedeg piadegé, pakulitané ngulit langsep, suwarane sora (seru), barang ora bisa katemu.
Yen turah 5, tiba Jabarail, kang nyolong ala rupané kasar banget barang didhelikaké mburi omah pinggir kali, utawa sangisoring kekayon sakidul omah.
Barang sanajan bisa katemu nanging dadi bicara gedhe utawa rame.
Déné neptuné dina Akad 5, Senen 6, Selasa 7, Rebo 1, Kemis 2, Jumuah 3. Setu 4.
Neptuné pasaran Legi 3, Paing 4, Pon 5, Wage 1, Kliwon 2.
Dadi neptuné dina lan pasaran petungan iki, ora miturut kang kasebu ing kaca 7 No. 2.
214