Kaca iki wis divalidasi
Anggoné nibakaké dhuwit diviwiti saka no. 1 (Muhammad). Mubeng urut nomer (angka), saterusé nganti entèk. Yen entèk entèkané dhuwit mau tibaing:
- Muhammad, barang kang ilang bisa katemu, nanging kudu slametan sega wuduk lawuhė sakarepe kang olah, asung dhahar Nabi Muhammad, dongané kabula lan slamet.
- Abubakar, barang kang ilang ora katemu.
- Ngumar, barang ilang bisa katemu, nanging roda lawas. Saranané slametan sega punar lawuhé sakeparengé, asung dhahar Syayid Ngumar, dongané slamet.
- Ngusman, barang kang ilang énggal katemu. Saranané slametan sega golong lawuhé pecel pitik, asung dhahar Sayid Ngusman, dongané kabula.
- Ngali, barang kang ilang bisa katemu. Saranané slametan sega tumpeng lawuhe sahanané, asung dhahar Sayid Ngali, dongane slamet.
No. 297. Pètungan barang ilang.
Miturut neptuné dina lan pasaran nalika lélangan, neptuné dina lan pasaran mau kagunggung, banjur kapètung; angin, lintang, banyu srengéngé, geni, sasi, bumi.
Yèn pétungan tiba :
- Angin, kang nyolong bocah kumed daging, ora duwé omah. ngalor ngétan parané, mulih maring angin, mlebu metu. Yèn digoleki bisa katemu sajroné 3 dina.
- Lintang, kang nyolong bocah lara, pawakané cilik, rambuté abang mbakung papak pucuke, ngidul ngétan parané, marani geni, anggoné nyimpen barangé ngidul ngulon.
- Banyu, kang nyolong ana ciriné toh, renyah suwarané, ngidul ngétan parané, didhelikaké cedhak kali.
- Srengengé, kang nyolong wong tuwa, parané ngulon durung adoh barangé kepenahem omah.
- Geni, kang nyolong wong lor kuloné, parané ngalor, disimpen sajroné omah.
- Sasi, kang nyolong wong wadon randha utawa prawan yèn wis satengah tuwa wulanjar, rupané kuning, sangkané saka lor, parané mengetan, barang didhelikaké sakiwa tengené omah, wongé mendhit.
- Bumi, kang nyolong ijih pawong sanaké, barang terus ilang ora bisa katemu.
213