Gunggungé neptune dina lan pasarané nalika kelangan kapara 3, turah pira
Yèn turah 1 kang nyolong rupane ireng
,,,, 2 mbambangawak
,,,, 3 semu putih
Gunggunge neptuné dina lan pasarane nalika kélangan kapara 4, turah pira.
Yèn turah 1 tiba wit, barang ora ilang, sanajan ilang mung saka pangrěkane kang duwé barang dhewé.
,,,, 2 tiba epang, kang jupuk sanaké dhewe.
,,,, 3 tiba godhong, kang njupuk tepungané rabiné, lan kena uga ijih sanak karo rabine, nanging wis adoh.
,,,, 4 kleyang, kang njupuk wong liya.
Katrangan: Saupama wong lunga angkaté saka omah dina Kemis Legi. Kemis neptune 8, Legi neptune 5, gunggung neptu 13 kapara 3, turah 1, tiba petung kang lunga kena sangkala.
Saupama wong minggat angkaté saka omah dina Senen Pon, Senen neptune 4, Pon 7, gunggung 11, kapara 3, turah 2, tiba pétung kang minggat ketemu.
Saupama barang ilang bisa ketemu apa ora ?
Anggoné kelangan dina Selasa Legi. Slasa neptune 3, Legi 5, gunggunge neptu 8, kapara 3, turah 2 pétung katemu.
Saupama kelangan arep meruhi kang nyolong, anggoné kelangan dina Rebo Legi, Rebo neptune 7, Legi 5, gunggung neptu 12, kapara 3, catèk utawa
cèples, yen mangkono banjur kapétung turah 3 tiba petung kang nyolong wong adoh. Mangkono sabanjure.
Yen kelangan ing wayah utawa benginé (malem) dina Akad, kang njupuk tetepungane dhewe, pakulitane mbambangawak, yèn lelungan dhemen nyenyangking, omahe ana ing salore omahe wong kang kelangan barang kagawa mangidul: Murih katemu slametane sega punar iwak ayam lembaran, nyansi dhahar Nabi NGisa, dongané slamet.
Senen, kang nyolong nunggal sa'omah, kupinge dawa (caplang) rambute lemes, alus solah tingkahe. Murih katemu slametane sega wuduk iwak loh, nyaosi
dhahar Nabi Dhavud, dongane kubur.
Selasa, kang nyolong manis ulate, pakulitane mbambarigawak, irung pesek, rambut akas. Barang kadhelikake ing pekarangn utawa sacedhaking gunung utawa alas. Murih katemu slametane kupat 40, lawuhe sambel goreng, bubuk kadhele, srundeng kuning (srundeng dikuniri), iwake' abon, nyaosi dhahar Nabi Soleman, dongane slamét.
210