Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/212

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
No. 286. Parané wong minggat.


Gunggungé neptuné dina lan pasarane nalika lunga (pangkaté saka omah) kapara 4 turah pira.

Yènturah :1 parané mangetan
""2 "manggulon
""3 "mangalor
""4 "mangidul




No. 287. Wong minggat ketemu orané


Gunggungé neptuné dina lan pasarane nalika minggat (pangkaté saka omah) kapara 3 turah pira.

Yènturah :1 ora ketemu
""2 ketemu
""3 lepas parané




No. 288. Barang ilang ketemu orané


Gunggungé neptuné dina lan pasarane nalika kélangan kapara 3, turah pira.

Yènturah :1 barangora ketemu
""2 "bisa ketemu
""3 "ora ketemu, nanging wong kang nyolong nuli lara.




No. 289. Sapa kang nyolong.


Gunggungé neptuné dina lan pasarane nalika kelangan kapara 3 turah pira.

Yènturah :1 kangnyolongkancané
""2""wong nunggal omah
""3""wong adoh




No. 290. Lanang utawa wadon kang nyolong


Gunggungé neptune dina lan pasarane nalika kélangan kapara 3 turah pira.

Yènturah :1 kangnyolonglanang
""2""wong wadon
""3""samar, (bisa wadon, bisa lanang)