Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/207

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Andhok sapisan sa'at jam 8 - 11, kapindho sa'at jam 11 - 3, ketelu sa'at jam 3 - 5. Déné sa'at playuné maling uga milih pernah kang tiba tulus yaiku panggonan kang keciké ana 4, 6 - 8, kapeksané perlu disumurupi supaya ora tuna dungkap panggoyaké. Sebab becika dikaya ngapa tumrapé pétung durjana yèn kang duwé omah wis mangerti bab sakabéhing pètungan iku, wis mesti apa sakaluku - lakuné durjana bakal konangan, temah bisa kapikút, lan ora ana wong cidra menu harja.



No. 274 Sa’at rajamuka miturut gunggungé
neptu sina lan pasaran.
Gungguné
neptu dina
lan pasaran
JAMDununé pengapesané
7 - 99 - 1111 - 11 - 33 - 5
7HPGSMTangan karo
8PGMSHTangan tengen lan weteng
9HPMGSTangan karo lan gulu
10HMGSPGulu, gembung lan sikil karo
11SGMPHSirah, gulu lan sikil kiwa
12HPGMSGulu, gembung lan sikil karo
13PGMSHSirah, gulu lan sikil kiwa
14SHPGMGulu lan weteng
15HPGMSSirah, gulu lan badan separo
16SGMPHTangan kiwa lan sikil tengen
17HMGSPTangan tengen lan sikil tengen
18SGMPHTangan karo




Katranga: S. tegesé sarju, olèh lan orané kerep olèh. G. tegesé Gigis, mesti oléh M. tegesé Momor, durung temtu oléh P. tegesé Pacak, ora oléh H. tegesé Harja, mèh kena dipasthèkaké oléh.

Saupama dina Kemis Paing antarané jam 7 tumeka jam 9, mbabah maling iku tiba Harja. Yèn antarané jam 9 tumeka jam 11 tiba Pacak. Sebab dina Kemis neptu 8, Paing neptu 9, gunggung neptu 17, Mangkono sabanjuré.

Kang duwé omah kudu prayitna yèn neptu dina lan pasaran ketemu 17 iku pengapesané an ing tangan tengen lan sikil tengen, dadi yèn ana durjana tangané tengen lan sikilé tengen tamanana gegaman utawa kapeithung Mangkono sabanjuré.

204