Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/206

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Saupama maling ing dina Saptu Kliwon neptuné Saptu 9 Kliwon 8 = 17, iku njupuk kecik 17, kehe, lakuné kecik mau kadèkèk wiwit saka panggonan angka 1, ing tengah yaiku Kliwon, banjur ing panggonan angka 2, 3, 4, 5. Saka panggonan angka 5 bali maneh ana ing panggonan 1, banjur ing angka 2, 3 lan sabanjuré nganti keciké (andhok) tiba kaya kang kasebut ing dhuwur mau.

Upama manèh : yén ing dina Selasa Legi neptuné Selasa 3, Legi 5 = 8, iku njupuk kecik 8, lakuné kecik mau kadèkèk wiwit saka angka 2 (kicul) yaiku Legi, banjur dilakokaké kaya kasebut dhuwur, lan sabanjuré.

Yèn lumayu ing pernah kang ana :

Keciké 1 aran rajegwesi, maling tiwas.
" 2 aran seman, bisa uga slamet, bisa uga kapikut.
" 3, 5, 7, aran kalaluwang maling kapikut.
" 4, 6, 8, aran tulus, maling slamet, sarta upama wis olèh-olèhan lestari untungé.

Miturut katrangan ing ndhuwur iku, wis mesthi baé playuning durjana milih pernah kang isi kecik jangkep, kang tiba pétung becik dhéwé yaiku kang isi kecik 4, 6, utawa 8, kapeksané kang isi 2.

Ananging manawa kang duwé omah mangerti bab pétungan kalamudheng iki, sanajan durjana mau playuné milih panggonan kang tiba tulus (isi kecik 4, 6, 8,), kang duwé omah pangoyaké utawa panyegaté utawa mesthi manut playuné durjana, dadi durjana mau sanajan milih panggonan kang becik murih slamet, bisa uga kapikut (kacekel), utawa barangé bisa bali. Mula petungan iku wajib dikawruhi.

Pétungan kalamudheng ing ndhuwur iku sawisé kanggo milih prenahé playuné durjana (maling), uga kanggo milih prenahing omah ing sajroné désa (kampung) kang arep dileboni, déné kang dipilih uga pernah kang ana keciké jangkep, kang becik yaiku tiba tulus (kecik 4, 6, 8,), kaya kasebut ing ndhuwur. Saupama arep maling ing désa Jethis, anané kecik kang jangkep tiba tulus ana ing panggonan angka 1 (tengah), durjana mau pamalingé iya ana ing désa Jethis ing pernah tengah. Yèn kecik kang jangkep tiba-tulus ana ing panggonan angka 4 (lor), durjana mau pamalingé iya ing desa Jethis ing pernah lor, mangkono sabanjuré, mriksanana gambar ing ndhuwur.

Kajaba iku banjur métung sa'at playuning maling yaiku ana 3 rupa, antarané jam 8 - 11, 11 - 3, 3 - 5. Déné petung lakuning kecik kang sa'até jam - 11 andhoke kaya kang kasebut ing dhuwur. Sa'at jam 11 - 3, kecik kang wis andhok dilakokake manéh uga nganti andhok, dadi andhok kang kapindho. Sa'at jam 3 - 5, saka andhok kang kapindho uga dilakokaké nganti andhok manèh, yaiku andhok kang katelu.

203