Kaca iki wis divalidasi
No. 260. Ngalamate sato sakilpat lan seto iwen
yen lumebu pekarangan.
- Yèn asu ajag lumebu ing pakarangan, kang mancala Bathara Darma, bakal reja banget désané. Sindhekahé daging kebo lan sapi, arta saréyal. Yèn ora sidhekah bakal pageblub lan larang pangan.
- Yèn cèlèng lumebu pekarangan, kang manicala Bathara Sadana, bakal murah beras pari nagarané. Sindhekaha klambi wulung, iket putih (lawon), arta saréyal. yen ora sidhekah bakal katekan bencana.
- Yen macan lumebu pekarangan, kang macala Bathara Singajalma, bakal katekan mungsuh, sidhekaha daging kebo, sapi, wedhus lan arat 5 reyal. Yèn ora sidhekal bakal susah nagarane.
- Yèn kancil lumebu pekarangan, kang macala Bathara Panyarikan, kang duwe pekarangan, arep pinilala (kanggep) wong agung. Sidhekaha jenang dodol, jenang sungsum, jenang manggul lan arta 70 dhuwit. Yèn ora sidhekah bakal kasangsaya pikirė.
- Yèn kidang lumebu pekarangan, kang mancala Bthara Panyarikan, kang duwé omah arep pinilala wong agung, sindhekaha gedhang sega punar salawuhé lan arta 2 réyal. yen ora sidhekah bakal kasusahan.
- Yen kethek lumebu pekarangan, kang mancala Bathara Guru, kang duwe omha bakal oleh drajad kaluhuran, sindhekaha gedhang byar, gabu, lempeneng, ambon, raja, kluthuk lan arta sareyal, diwehaké wong midang. Yen ora sindhekah bakal kasusahan.
- Yen lutung lumebu pekarangan, kang mancala Bathara Narada kang duwe omah bakal katekan bandha akèh, sidhekaha sarupaning kembang, pitik klawu lan arta sareyal .Yen ora sidhekah bakal kasusahan.
- Yen ula lumebu ing omah, kang mancala Bathara Basuki kang duwe omah bakal sinujudan wong akèh lan kajen keringan. Sidhekaha beras lan emping sarta arta sareyal. Yen ora sidhekah bakal karusakan.
- Yen manuk gagak méncok sandhuwuring omah ora muni, kang macala Bathara Baruna, kang duwé omah apa kabutuhane dicukupi dening wong liya. Sidhekaha daging lan arta saréya. Yèn ora sidhekah bakal wurung.
- Yen ana manuk jalak méncok ing dhuwur omah, kang mancala Bathara Brama, kang duwe omah bakal dadi mantri. Sidhekaha jarik sakebar (salembar), lan arta sareyal. Yen ora sidhekah bakal nandhang lara.
197