Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
No. 27. Dina sangaring asal
Ora kena kanggo mantu lan sapadhané
Ing wulanDina sangar
Pasa, Sawal, DulkangidahJumuah
Besar, Sura, SaparSetu, Akad
Mulud, Rabingulakir, JumadilawalSenèn, Slasa
Jumadilakir, Rejeb, RuwahRebo, Kemis

No. 28. Na'asing para Nabi
Ora kena kanggo mantu lan sapadhané
SasiTgl.Sababé
Sura13Nabi Ibrahim kaobong Raja Namrud
Mulud3Nabi Adam katurunaké ing ndonya
Rabingulakir16Nabi yusup kacemplungaké sumur
Jumadilawal5Nabi Nuh kinelem
Pasa *)21Nabi Musa perang lan Raja Firaun
Dulkangidah24Nabi Yunus diuntal iwak nus
Besar25Nabi Muhamad lumebu ngguwa

*)Sawenèh primbon liya, nyebutaké yèn na'as Nabi ing sasi Pasa tiba tanggal 12. Awit iku ing Primbon iki tanggal 12 lan 21 Pasa dak tetepaké padha dadi na'asing Nabi.


No. 29. Na'asing tanggal
Ora keno kanggo mantu lan sapadhané
Sasi Tanggal Sasi Tanggal
Sura 11 6 Rejeb 2 14
Sapar 1 20 Ruwah 12 13
Mulud 10 20 Pasa 9 20
Rabingulakir 10 20 Sawal 10 20
Jumadilawal 1 11 Dulkangidah 9 13
Jumadilakir 10 14 Besar 12 10

19