Yèn manuk gagak muni ing wayah antarané jam 7 tumekané jam 8 awan, kang duwe pakarangan arep oleh rembug becik saka sadulur adoh. Déne yen ing wayah anatarané jam 7 tumekané jam 8 bengi kang duwé pakarangan arep akèh begjané teka dhéwe.
Yèn manuk gagak muni ing wayah antarane jam 9 tumekané jam 10 awan, kang duwe pakarangan arep olèh rembug becik saka liyan praja. Déné yèn ing wayah antarane jam 9 tumekane jam 10 bengi, kang duwe pakarangan arep dipitnah wong.
Yeh manuk gagak muni ing wayah antarane jam 11 tumekané jam 12 awan, semarabumi njaluk pangan, énggal kukutuga. Déné yèn ing wayah antárané jam 11 tumekané jam 12 bengi, kang duwé pakarangan arep kadhayohan sadulur adoh.
Yèn manuk gagak muni ing wayah antarané jam 1 tumekané jam 2 awan, kang duwé pakarangan arep kèlangan. Déné yèn ing wayah antarané jam 1 tumekane jam 2 bengi, kang duwé pakarangan arep mundhak rijekine.
Yen manuk gagak muni ing wayah anatarané jam 3 tumekane jam 4 awan, kang duwe pakarangan arep katekan wong nedya becik. Déné yèn ing wayah antarane jam 3 tumekenane jam 4 bengi, kang duwé pakarangan arep pepadon lan wong liya.
Yèn manuk gagak muni wayah antarané jam 5 tumekane 6 awan (sore), kang duwe pakarangan arep nemu prakara lan arep ilang barange. Déné yèn
ing wayah anatarane jam 5 tumekane jam 6 bengi (esuk), kang duwe pakarangan arep mundhak begja lan mundhak rijekine
Yèn ana manuk kedhasih (prilgantil) muni méncok ana ing kakayon (wit -witan) ing sajroning pakarangan, wong kang diéncoki wiwitane ing saomah kono arep ana kang nandhang lara. Dené yèn manuk kedhasih mau muni ana ing witwitan sajabaning pemahan, umpama mencok ana ing witwitan kang tumancep ana ing pakarangan suwung (ora ana omahé) utawa mécok ana ing witwitan kang tumancep ing kuburan utawa ing witwitan kang ana sapinggiring dalan, ing désa sakiwa tengéne' sacedhaké kono arep akeh lelara. Kang iku énggal tulaken supaya lunga Tutulake sarana maca donga atine surat anggam, yaiku
mangkéné uniné: latud rikuhul absaru wahuwa yud-rikuhul absara, wahuwa latiful kabir. Saben saben krungu unine manuk kedhasih, sanajan krungu saka ing kadohan, iya énggal énggal tulaken sarana maca donga mau, supaya manuk kedhasih mau enggal lunga aja nganti ngambah saba ing padésan, baliya ing papan padunungane yaiku ana ing alas, sabab endi papan padesan kang diambah kanggo pasabané manuk kedhasih mau wongé banjur padha kena ketaman ing lelara. Manuk kedhasih énggal lunga manawa ana kang maca surat anngam kasebut ing dhuwur mau.196