Kaca iki wis divalidasi
Yen asu mbaung ing wayah antarane jam 3 tumeka jam 4 awan ana smarabumi njaluk pangan, enggal kukutega. Déné yèn ing wayah antarane jam 3 tumeka jam 4 bengi, smarabumi nyuwunake tambahing rijeki lan pametune desa ing kono.
Yèn asu mbaung ing wayah anatarané jam 5 tumekane jam 6 awan (sore), kang ngingu bakal enggal mundhak bayare. Dené yen ing wayah antarane jam 5 tumeka jam 6 bengi (esuk) kang ngingu bakal oleh kabegjan lan kauntungan.
No. 257. Ngalamaté manuk prenjak (tamuyana)
- Yen manuk prenjak sajodho lanang wadon bebarengan muni suwé ora lunga lunga ana ing kidul omah. kang duwe omah bakal kadhayohan priyayi sumedya becik.
- Yen manuk prenjak muni ing pojok payoning omah, ana lelara teka, wong saomah bakal padha lara, marga kena sisikuning Allah, tutulake ora liya padha tobata maring Allah lan anglakonana panggawe becik.
- Yèn manuk prenjak muni ngideri omah nganti temugelang, kang duwe omah bakal oleh donya akèh kang suci kalal sarta pinaringan kanugrahaning Allah, mumujiya marang Allah kanthi sabar tawakal eling lan ngegungna dadana marang wong miskin.
- Yen manuk prenjak muni ana sawetaning omah, kang duwé omah bakal kadhayohan nanging arep aweh piala, utawa arep kataman lelara.
- Yen manuk prenjak muni ana sakidulé omah, kang duwé omah bakal kadhayohan perlu wéwéh rijeki.
- Yen manuk prenjak muni ana sakuloning omah, kang duwe omah bakal kedhayohan sedya gawe piala lan ngajak padu.
- Yen manuk prenjak muni ana ing saloring omah, kang duwe omah bakal kadhayohan perlu aweh pitutur becik, utawa kadhayohan guruné.
- Yen manuk prenjak muni ana ing sandhuwuring loteng, bakal kobongan omahé.
- Yen ana manuk prenjak nyamber - nyamber ana sakiduling omah, kang duwe omah bakal ribut.
- Yen ana manuk prenjak nyamber nyamber ana ing sawetaning omah, kang duwe omah bakal kadhayohan pandhita.
- Yen ana manuk prenjak nyamber - nyamber tekané saka kulon bener, kang duwé omah bakal oleh drajat.
- Yen ana manuk prenjak nyamber - nyamber tekane saka lor, bakal ana pepati.
- Yèn ana inanuk prenjak nyamber - nyamber tekane saka lor wetan, kang duwe omah bakal kadhayohan perlu takon masalah.
195