Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/196

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kabatine baé, mantrané: Kuwung-kuwung amayungi ingsun, amatak ajiku pamepesan, amepes babayuning anggané kang ingsun cekel iki, ingsun cakep pinijet èpèk - èpèk si rajakeling, larut babayane tan suwe tarungé si sawung - galing gumuling tan njaluk banyon.

Sawisé tarung sawatara suwené, banjur sinusul matak aji panatasan, uga mung kabain baé, sarana disarati udud menyan. Déné mantrané: Ingsun amatak ajiku panatasan kang dumasuk ing wesi purasani, ingsun serot lumebu ing badan jasmani, ingsun sebul mbarengi kukusing udud kaworan wisaning pamor, bul sapisan nampek mata jagoning mungsuh, bul pindo amaning ing sajroning jajantung, temah nglubuk ambruk. Sajroné matak aji panatasan nyedhaka jago kang lagi tarung karo ngebulaké kukusé ududé.

Lakuné aji pamepesan mutih 7 dina 7 bengi (mung mangan sega tok tanpa uyah, ngomebé banyu wantah) sarta nlowong 3 dina 3 bengi. (Ora kena mangan ngombe) wiwité tirakat dina Rebo Pon.

Déné lakuné Aji panatasan ngebleng 7 dina 7 bengi, (yaiku ora mangan lan ora ngombé sarta kudu ana ing senthong baé, kajaba yèn déné utawa babanyu). wiwité tirakat ing dina Jumuah Paing.




No. 254. Katuranggané kucing

Yèn ana kucing:

  1. Ulesé putih sarta ing dhadha terus ing gegere ireng (témbong), aran sanggabuwana, wahanané ala, kang ngingu tansah lelaranen.
  2. Ulesé ireng mulus buntuté dawa, aran putrakanjantaka, wahanané ala, watake ngutahaké getihé kang ngingu, kerep kapatèn lan kasusahan warna-warna.
  3. Ulesé abang kembang asem, buntut dawa utawa bundhel aran bramapati, wahanané ala, kang ngingu banget borosé lan kerep kélangan. Nanging yèn bundhelé buntut mau ulesé bulé, uga ana becike, sebab sanajan kang ngingu mau boros, nanging nduwèni watak nununtun marang karaharjan.
  4. Kucing kang ulesé sarupa-rupané, nanging endhas, dhadha lan gegeré padha ana uyeng -uyengé, aran candrawawa, wahanane becik banget, kang ngingu oleh kabegjan lan kamulyan.
  5. Kucing bisu, ulesé sarupa-rupané aran wisnutapa, wahanané becik, kang ngingu apa sakarepe, bisa kasembadan lan nemu slamet.
  6. Kucing yèn dalamakané putih terus ing andhasé aran kusumawibawa, wahanané becik, kang ngingu sugih rijeki.

193