Kaca iki wis divalidasi
No. 251. Katuranggane manuk brekutut.
Manuk brekutut kang becik katuranggane.
- Kukune driji karo lan jempol karo padha putih aran srimangempel, ingon - ingone wong tani, kang ngingu katutungan karepe.
- Cucuk lan sikile semu ireng, aran wisnuwicitra, kang ngingu rahayu sakehing rencana ora tumamam.
- Semu ireng sakojur awake, aran wisnumangenu ingon - ingening priyayi, srikempel kang ngingu akeh rijekine.
- Cucuk lan sikilė putih, aran kusumawicitra, kang ngingu akèh rijekinė lan karepe dadi.
- Buntute lare ana 15, pandhawa mijil, kang ngingu keringan.
- Mata abang sumorot kocak kaya mirah, aran purnama sidi, kang ngingu wingit akeh wong asih.
- mata kuning jait sumorot, aran mercujiwa, kang ngingu diluluti wong, nekakake rijeki lan slamet. Dène yen kuninging mata terus ing brotol, sakehing becik dadi siji, iku ingon -ingon ratu.
- Saranduning awak putih, uga mustikaning manuk, ingon - ingoning ratu.
- Sorě muni, aran minebgedhong, awèh donya maring kang ngingu.
- Esuk muni mbarengi wetuning srengenge, aran gedhong menga, kang ngingu rahayu slamet, bisa simpen mas picis.
- Mata, cucuk lan sikile ireng, aran wisnumurti, iku ingon ingening ratu, kena kanggo tumbal.
- Ules semu kuning sarta kalung, aran udanmas, kang ngingu akeh rijekinė, begjane tutug.
- Unine sungsung, aran widahsanagastagasti, becik banget kang ngingu katekan karepe, sabarang sanggup, kinasihan wong.
- Yen muncis, kang ngingu ayem ayom slamet, ingon - ingoning, bupati, diwedeni wong.
- Muni ngelik elik lan becik rupané, rahayu kang ngingu, yèn kanggo pikat olehan.
- Kang murub kaya geni, becik manoné, kang ngingu sugih lan karepé tinekan, nemu rahayu slamet.
- Kang nusuh ing lemah, tinjane diobong, awune kanggo tamba sarupaning lelara, landhane kanggo adus.
Manuk brekutut kang ala katuranggane.
- Ules semu abang aran bramasulur, kang ngingu kerep lara.
- Ules napas aran bramalabuhgeni, panas boros kang ngingu, lan nyenyengit dhemen padu.
- Kuku putih drijine sapuluh, aran bramakala, adoh rijekiné lan kerep kasusahan kang ngingu.
184