Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/183

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Déné ules kang nunggal karo ireng, yaiku: putih, dhawuk, lemah teles lan janjangbiru.

Jaran ules limang rupa mau, kang becik lan bisa dadi ajarané, yèn peperangan sararduning badan bisa jangkep, riringkesané uga ana 9 bab karo mbengingèhe, yaiku: 1. Ules (wulu) pera agal. 2. Suri kandel kempel. 3. Kuncung ndalojor kempel. 4. Wayang gilig lemes. 5. Buntut akèh lan mapah pucang. 6. Kulit kandel kendho. 7. Balungan gedhé -gedhé. 8. Tracak ambahok mangkurep. 9. mBengingèhe gedhe bening suwaraane.

  1. Jaran ules ireng, wataké kethul lan welu, yen saranduning badan wujude jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, kalebu Jaran sedhengan, bisa diajar, yèn kurang jangkep, ora bisa dadi ajarané.
  2. Jaran ules putih, wataké kurang lana lan kurang santosa, mula sanajan saranduning badan wujudé jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur uga asring ora bisa dadi ajarane.
  3. Jaran ules dhawuk, wataké linuwih, pinter lan waspada, yen saraduning badan wujudé jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, kuwawi dadi titihaning ratu. Senajan kurang jangkep, iya isih aran jaran becik, isih bisa dadi lan gampang yèn diajar.
  4. Jaran ules lemah teles, wataké ora saniosa, sanajan saranduning badan wujudé jangkap 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, uga asring ora bisa dadi ajarané.
  5. Jaran ules jajangbiru, wataké réwel, mula sanajan saranduning badan wujude Jangkep 9 prakara kaya kasebut ing dhuwur, uga asring ora bisa dadi ajarané.

Kajaba iku ana jaran kang ulese nyebal karo papathukaning ules ong pérangan kasebut ing dhuwur, yaiku:

  1. Jaran ules petaknyabrang, watake gawé wirang lan thvasé lang nunggang.
  2. Jaran ules palangkapancal, wataké ora kena kawengkus, mula sanajan saranduming badan jangkep. 9 prakara kaya kang kasebut ing dhuwur, uga asring ora dadi ajarané. Nanging manawa palangkapancal mau manggon ing jaran ules dhawuk utawa bopong, uga asring bisa dadi ajarané.
Ana maneh pamilihing jaran tumrap saranduring badan

1. Lambé enthèng. 2. Tracak mbanthok mangkurep utawa nanjung kuwung. 3. Dhadha amba mungal. 4. Bokong kang nagka satugel.

Déné pamilihing jaran kang aran dawa, mungguh pangkuruné, sarana tali, wiwit bungsur munggah tekan jompong mangisor katurutake suri, utawa geger tekan pucuk ing janggel, banjur kasampirake ing geger, manawa pucuking tali padha kangsrah (kalangsrah), yaiku jaran kang dawa.

182