Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/177

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ing kuanane wong Jawa padha nindakake tatacara sasaji haswaweda, karepé ngarani ulah napas, yaiku laku kang permati kanggo nentremaké kalubuné utawa angen-angene, murih bisané tuwuh rasa jatinė, kang nitih lan kang tinitihan wis dadi siji, tegesé wis ora ana kahanan loro.

Kacarita Kangjeng Pangéran Harya Mangkhumi Sukawati, rikala amangun yuda nupes Walanda, anitih kagungan Dalem tityan Kangjeng Kyai Sengkali lan Kangjeng Kyai Gandamana, gentos-gentos panitihé. Sanadyan ana samadyaning paparangan, nora kendhat sasmitaně, temah unggul perangé. Dadi agem dalem titiyan sakaroné mau panujahing tracaké, prasasar bisa nyigar bumi Tanah Jawa dadi ana panjenengan ratu loro, Ing Ngayogyakarta lan Surakarta. Mula titiyan nDalem mau aran Sengkali = Sang kali ateges kang éling kang padha paningalé tan samar sawiji - wiji. Gandamana ganda arum angambar ambar. Kanjeng Pangeran Harya Mangkubumi Sukawati banjur karsa jumeneng Nata ing Ngayogyakarta Hadiningrat, jujuluk Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana Senapati ingalaga Abdulrakman sayidin panatagama Kalipatolah 1. Walanda kekes miris kajodheran, akalé bulus tansah kaweleh - weleh. Asma Dalem misuwur ing jagad tetelu, terah tumerah kongsi ing jaman saiki, asma Dalem sangsaya kondhang, angambar - ambar angebaki saindhenging bawana, pantes sinudarana. Cukup saméné baé, muga dadia tutuladan, mesthi maweh basuki rahayuning jagad.

Ing saiki miwiti mratélakaké katurangganing Jaran kaya ing ngisor iki:

1. Panengerané jaran kang becik.
  1. Endhas mungkal gerang.
  2. Bathuk jembar warata matak banthèng, (memper pathaking bantheng).
  3. Kuncung anggumbala mawur ireng.
  4. Jompong mungal.
  5. Kuping gilig poké, pucuké muluh tinigas.
  6. Juluk kang ngungkuli jalaké.
  7. Bungur kang akèh jengkeruté, lan cekelané malulang garing.
  8. Bangar, ndhuwur bungur jembar.
  9. Catu lambe dhuwur lincip ngungkuli lambé ngisor.
  10. Cangkem cawak lambé nguler jedhung.
  11. Bolongan irung amba.
  12. Janggut dhapur njangkung.
  13. Huwang lobok damis.

176