- Kulon, ana Ratu jumeneng, wong padésan padha seneng akeh udan, tulus kang sarwa tinandur murah beras pari.
- Lor kulon, ana Ratu rebutan kagunan, para Bupati sahandhahane padha pancakara, wong padesan padha prihatin, akèh udan, gludhug bledeg ngampar-ngampar ana grahana, kebo sapi akeh mati, larang beras pari, mas inten murah.
- Lor, ena Ratu kéwuhan pamarentahé, para Bupati sahandhahané padha pancakara, akeh papati, wong padésan padha susah, larang udan, larang beras, larang pari, mas inten murah.
- Lor wetan ana Ratu tininggal ing bala, para Bupati sahandhahané akeh mati perang, padésan karusakan, kawula nandhang prihatin, larang beras pari, kebo sapi murah, wohwohan padha ndadi.
Yèn sawijining bangsa (bawana) kang lagi nandhang asor, manawa bawana mau wis ka'andhokan (kapanggonan utawa ka'andhegan) liniang cahaya rambah kaping pat, kapétung saka wiwitaning asor (lintang cahya katon kaping patang ambalan saka bawana kang lagi asor), bangsa kang asor (jalahan) mau wiwit arep nemu unggul lan mulya. Kosok baliné bangsa kang unggul, yèn saka wiwitaning unggul wis ka'andhokan lintang cahya parang ambalan, bangsa kang unggul mau uga wis mangsané gilir gumanti bakal tumiba asor. Mangkono sabanjuré, gantl-gumanti asor unggul, asor unggul.
Perlu katerangake' sawatara, munggah anané lintang cahaya mau mangkéné: manut Primbon ilmu Palintangan, katon ubengé lintang cahya iku saben antarane 80 nganti 90 tahun lawase lagi katon maneh. Murih gampange petungan, ing kéné kajupuk tengah-tengah, ubengé lintang cahya kagawé racak saben 85 tahun sapisan andhoké (andhegé).
Ing abad 15, wis 400 san tahun sapréné lawasé, karaton Majapahit rusak. Banjur madeg kraton Demak, wiwit ing wektu iku kraton Jawa surem darajadé, kabudayan, pedagangan lan liya-liyané wiwit sirna Ing abad 16, wis 350 san tahun lawasé, sajumenéngé Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung, bangsa Walanda wiwit njajah tanah jawa.
Ing ndhuwur wis katerangaké wiwit asoring bangsa, yèn wis kaandhokan lintang cahya palang ambalan, yalku 85 tahun x 4 = 340 tahun iku martandhani wiwit manèh unggulé.
Tanah Jawa anggoné nandhang papa sangsara kejajah Walanda wis 350 san tahun lawasé, sajroné 350 tahun mau tanah jawa wis ka'andhokan lintang cahya kaping patang ambalan, yaiku kang kaping pate tiba ing sasi Oktober 1948. Miturut pétungan iki, tanah Jawa (Indonesia) wis Mataram lan mangsané dharah saindhengé tanah Indonesia wiwit mumbul darajadé lan kaluhuraké pulih kaya dhèk jaman karaton Majapahit.170