Kaca iki wis divalidasi
No. 232. Ngalamate katemune panganten.
Yèn sarjoning pasamuan katemuning panganten, panganggoné pangantèn lanang wadon ana kang runtuh utawa rerengganing omah kang cumanthèl ing tembok utawa gedhèg ana kang tiba utawa ana barang pecah kang pecahé mau kalebu aèng utawa diyané mati, utawa ana lalakon kahanan kang aneh, iku dadi ngalamat pangantèn mau bakal nemu sambékala kang andadèkaké pepisahan (pegat).
No. 233. Ngalamaté katiban cecak.
Sing sapa katiban cecak sirahé, wong mau bakal sirna kamulyané utawa kabungahané 8 prakara. Utawa arep kawirangan gedhé, marga wadoné kena godha banjur laku sèdhèng.
No. 234. Ngalamaté klarabi tiba saka sampiran utawa canthélan.
|
Jam
7 - 8
9 - 10
11 - 12
1 - 2
3 - 4
5 - 6
|
Awan
Arep kélangan lan lara awaké.Ana wong sumedya ngarah. Katerkan sanak nulung kabecikan. Yèn lulungan bakal padu. Olèh rijeki akèh. Kadhayohan arep ngarah barang.
|
Bengi
Dikongkon ngedolaké barang.Oleh pagawéyan saka wong liya. Katekan sadulur adoh. Kelangan barang. Saduluré kena prakara. Katekan sanak mangan énak.
|
No. 235. Ngalamaté lindhu.
Yèn ana lindhu ing sasi:
- Sura wan, akèh lelara lan prihatin. bengi larang pangan.
- Sapar awan, akèh wong padha ngalih panggonan. Bengi, wong padha kapenak, kéwan ora kurang rarambanan.
- Mulud awan, akèh uwong pitenahan. Bengi, akèh udan angin.
- Rabingulakir awan, akèh wong pasulayan lan papati. Bengi akèh prahara, udah angin, wong akèh nikmat.
- Jumadilawal awan wong padésan akèh pasulayan, pitenah lan kadurjanan. bengi, palagumantung padha gogrog katiga dawa, panas banget.
- Jumadilakir awan, akèh maksiyat, katiga dawa bengi, wong padha tentrem atiné.
167