13. Dirusak utawa dipilara wong,, nemu rekasa. Dingengeri wong wadon, oleh wesi aji. Digebug kayu tunggak, oleh rijeki. Djungkati rambuie, luar susahe
Dicakot kewan, disihi wong akeh. Ditiliki omahé, disanak penghulu. Diwenehi beras pari, nemu pakewuh gedhe. Ditabok, nemu susah. Dioyak-oyak maling,
oleh arta. Dipisuhi utawa diuneni ala, oleh arta. Dikon ngenggoni omahé wong, oleh pangkat. Diundang wong oleh untung. Yèn kang ngundang wong agung
kang lagi dipayungi ngagem kaprabon pangundangé sarana ngawe, utawa diwenèhi payung kang ana serêté, olèh pangkat.
14. Tatu awake, oleh rijeki. Yèn awake ditatoni wong, kacilakan. Awake gumetar lara, katekan bebaya, Awaké kebak tuma, yèn main menang. Tangané
katumpangaké wong, kanggep wong gedhé. Sirahe ditumpangi tangané wong katekan karepe. Yen awaké kang ditumpangi tangané wong, lara banget. Awake
kabanda, nemu lara. Kaboyong mungsuh, diulihaké saka paran. Mundhak cilik awaké, nemu suah. Mundhak gedhe awake, katekan karepe. Silulé gelangan salaka, oleh kabecikan lan kabegjan. Drijiné metu getihe, oleh arta. Cangkemé metu wulune, olèh arta. Sirahe metu sunguné loro, keringan lan mulya. Yen metu sungune siji lancip, cilaka gedhé. Rambuté sirah rontog, kacilakan. Sirahé dicukur, ilang donyane, Untuné rontog, kepaten. Katon putih rahiné, oleh wong
wadon.
15. Duwé dhayoh lara, oleh pitungan. Duwé jago, arep duwé anak lanang Duwé pitik utawa manuk, bojoné arep meteng. Andhekep iwak loh, badher,
tambra, grameḥ, iwak mas, wader, kutuk, oleh arta akèh.
16. Katemu Nabi, oleh drajad. Yen ngimpi sawise tengah wengi, oleh kasektèn. Ketemu wong kang durung weruh katekan karepe. Katemu bapakne
utawa anake, nemu seneng. nemu dhuwit, arep lara sambang.
17. Nunggang prau, muring-murinh nemu duka cipta. Nunggang prau ing sagara kerem, kacilakan desane. Nunggang prau layar rikat lakuné, oleh rijeki.Nunggang jaran, susah. Nunggang kareta, utawa karetané lumebu omahe, susah.
162