7. Nganggo sandhangan prajurit, susah kacilakan. Nganggo sandhangan wong miskin, karejekèn seneng. Nganggo sandhangan wong mati, oleh pangkat
lan karejekèn. nganggo sandhangan wong luhur, olèh arta. nganggo sandhangan mas inten, susah. Cucul sandahangan, kělangan. Sandhangané ana kang kéri,
kélangan.
8. Weruh Allah, katekan karepe, Weruh Nabi Rasul, olèh swarga. Weruh Malaékat, Widadari utama Nabi Adam, dadi Pangulu. Weruh Swarga, katekan
karepé. Weruh utawa mlenu nraka, dosa gedhe. Metu saka warga, ilang dosane. Weruh arep kiyamat, olèh pangkat utawa karepé dadi. Weruh ratu munggah
pangkat. Weruh Pengulu nemu lara. Weruh wong akèh, larang panigan lan akeh lelara. Weruh lohmak pul utawa maca Qur'an olèh ngelmu. Weruh lintang, olèh
ngèlmu. Yen lintang temurun lumebu omahe, olèh arta lan kanugrahan. weruh omahé kauban méga, katekan karepe. Weruh méga rupané abang, utawa ireng,
susah. Weruh srengéngé lumaku munggah, katekan karepé. weruh srengenge cedhak rembulan, oleh anak. Eruh awaké dhéwé kasunaran cahyaning srengéngé
utawa rembulan, arep sugih. weruh udan mas, kinasihan wong. Weruh udan embun, satrune arep inatèni. Weruh udan woh, dadi lurahe' durjana. Weruh udan suwe, lara keras. Weruh udan deres, arep wèwèh. Weruh udan angin, luwar susahé. Weruh udan suwe nuli terang, luwar susahe. Weruh prahara, rusak désané.
Weruh angin gedhe saka sagara, linuragan perang. Weruh langit pecah, kapatèn wong tuwane. Weruh lintang dhuwur banget, oleh kamulyan. Weruh cahya, karepé dadi. Weruh geni ing kadohan, dawa umuré. Weruh geni rupané ireng, énggal oleh kang digoléki. Weruh geni ing ngomah, dipitnah. Weruh gent dhuwur urubé dawa umure. Weruh kukus geni, nyambut gawé susah. Weruh geni ing kuburan, dawa umure. Nyimpen geni ing papagan utawa sawah, olèh pari akèh. Weruh
pepeteng, akèh dosané. Weruh gelap nyamber, olèh pangkat mulya. Weruh gunung geni, kinasihan gustiné lan mulya. Weruh geni saka nglangit ngcbong
160