- Oyod legundhi, oyod kajar, oyod kencur, oyod sembung, oyod poncasona, kunir, kapipis lembut, banjur kagilut sarta kaboréhaké ing dhakaré, wiwit ing dina kliwon nganti dina wage, aja nganti towong Panggiluté lan anggone mboréhaké dhakaré.
- Ing saben tangi turu ing wayah ésuk, terus nginum banyu urip, artine banyu wantah kang resik sagelas dientèkaké, yaiku minangka panyiraming wiji (banyu rasa), mangkono iku katindhakaké ing salawase.
- Ketan gajih, wiluwong, lempuyang, kunir, kapipis lembut, banjur kadhadar, pandhahare kudu ngarepake hyang Surya, sarta sadurunge dhahar matek mantra dhisik uniné : Hyang-Hyang Raditya Dewaning manik.
Oyod : turi, dhadhap srep, nampu, suruh, pandhan, dlima putih, pule, waluh, sembung, temu ireng, pare, suket lulang, Jambe, aren, tetér, wringin, sawi, sulah, kélor, serut, pring ampel, sidoguri, wresah, jeruk pecel, padhan wangi, sembung rengit, rawong, meniran, papasan, bayem itik, uyah-uyahan.
Babakan : wungli, lansep, wisnu, jeruk pecel, pulé, pandhak, mundhu.
Kayu : kayu tai, kayu abang, kayu legi kayu manisjangan, kayu tundhung, pucuk, rapet, tikel balung, benge, klembak, secang, nagasari.
Godhong : kapal, tapak liman, kopi, jinggot, salam lékor, gebang, andal-andal, ilér, menur, jeruk pecel kamijara (seré), suket rajatawa, bratawali, lampes ireng, kerisan, Ketumbel, sequnggu, apa-apa, rengganis, salam, rengguiu, sémbukan, kalak, widara, kléyang kemiri, bisara lan gandarasa.
Kembang : tempayang, nagasari, lempuyang pait, worawari-bang.
Woh : ketumbar, kemukus, jinten, mala, mesoyi, adas, sawi, cabé, jaha, jaha keling, cengkeh, mrica, jinten ireng, kemlaka, mungsi, majakan, jeruk purut, jeruk nipis, jeruk pecel, pentil pace, jambe, kambil ijo, pula sari, ganthi, sidawayah, temulawak, sintok, seprantu, kunci, lempuyang, kencur kunir, muja muju, temu ireng, temu putih, jongrahab, podhi, terus, tulung, legundhi, laos, dlingo, kunci ireng, bisara, ranggitan, tulang muka, jahe, isi: mundhu.
Jamur : impes, brama, kuping.
147