Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/139

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
No. 184. Murih omah ora kelebon lemut.


Wiwit ngedegaké saka guru nganti sarampungé, kang padha nyambutgawe ora kena : ura-ura, omong kang tanpa paédah, guguyon; kenané mung omong rembugan - pagaweyan, sarta ora kena udud, nginang jajan, mangan ana sajroning omah kang lagi digarap. Déné yén arep mangan, ngombé, udud lan sapanunggalane, kudu sumingkir saka panggonan omah kang lagi digarap. Insya'allah lemut ora wani lumebu.



No. 185. Gawé babatur omah mburi


Ukuran pétungan gawé babatur omah mburi, ora kena numpang pusering. (pakarangan (tengah tengahing pakarangan). Pangukuré nganggo dedege kang duwe omah, (kang iyasa, kang setengah dedek ana sajroning omah, anggone ngukur saka pinggiring pakarangan sisih kulon utawa lor tumekané marang babatur pinggir kulon utawa lor, pétungané: kertayasa, candhi, rogoh, temporêt.
Yen tiba Kerta, oleh keslametan. Yasa, oleh rijeki. Candhi, sepi mamring. Rogoh, kemalingan. Temporèt, ora betah ana omah.



No. 186. Tumbal pasang babatur.


Yèn arep pasang pandhemèn, saben pojoking pandhemèn mau tancebana kayu girang kayadéné dadi papathok, banjur pasangana kentheng lawé wenanglawe mau cencangen ing kayu girang mau sarta kapanthèk nganggo paku.



No. 187. Gawé omah.


Pétungan gawe omah lan liya-liyane sangsane, kang baku pétunganing usuk megeng lima lima; pungkasaning usuk manawa tiba; 1. Sri, becik. 2. Kitri, becik. 3. Gana, sedheng. 4. Liyu, ala 5. Pokah, ala.



No. 188. Gawé usuk.


Pétungan gawe usuk Sri, Werdi, Naga, Mas, Pérak. Déné cacahing usuk nganggo tikelan 5, yaiku:

5-5 wuwuwh 1 tiba : Sri kanggo usuk lambung
5-5,,2 ,, : Werdi,,,, kandhang utawa gandhok
5-5,,3 ,, : Naga,,,, pawon
5-5,,4 ,, : Mas,,,, omah mburi

5-5,,5 ,, : Perak,,,, pandhapa

138