Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/138

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
No. 180, Petungan gawe utawa ndandani :
omah, bango, kandhang, langgar lan pager

Miturut wiwite ing dina lan pasarané, neptuné digunggung banjur kapétung padu demanggung, sanggarwaringin, mantrisinoraja, macan ketawang, pati.

Yèn tiba : padu, gawé bango, Demangagung, gawé kandhang. Sanggarwaringin, gawé langgar, Mantrisinaroja, gawe omah mburi. Macanketa-wang, gawé omah ngarep. Patl, gawe pager.


Katrangan Neptuné dina lan pasaran ing bab pétungan no. 177, 178, 179 lan 180 ing dhuwur iku, miturut kasebut kaca 7 No. 2.



No. 181. Ngedegaké, mayu, utawa ngelih
bangsaning omah.


Kang becik yaiku: Akad, ngedegaké, mayu utawa ngelih omah, Senèn, pawon, Selasa, lesung. Rebo, kandhang. Kemis, pandhapa. Jumuah, langgar. Saptu, pringgitan.



No. 182. Isyarat ngedegake omah.


Ngisoring saka guru dèkèkana godhong elo, alang alang, dhadhap maja lan godhong dhuwet. Yèn tanpa purus, saka guru kang ana lor wétan kapanteka kayu jati, kang kidul wétan kapantèka kayu dhadhap srep, kang kidul kulon kapantèka kayu awar awar, kang lor kulon kapantèka kayu waru. Anggoné ngedegaké kawitan saka ing lor wétan, banjur kidul wétan lan sauruté. Déné ing tengah jogan pendhemana kayu dhandhap srep ngadeg lan kendhi anyar kebak banyu. Dené sajèné degan ijo 2, kendhi sarakit (2) kebak banyu, jeruk gulung 2 sarta pès pèsan bekatul.



No. 183. Tumbal omah,


Yèn saka guru wis ngadeg, ing wayah bengi jam 1, pojoking (padon) omah papat pisan isingana, sarta pendhemana endhog wokan, wiwité saka pojok lor wétan, banjur kidul wétan, banjur kidul kulon, banjur lor kulon. Saben endhog arep kapendhem, matek japamantra dhisik mangkéné: alip, bé, be, bayan ora ana panggawe ala, padha wurung kabèh bé, bé, bé, muni kaping 3 kabatin bae sarta tanpa ambegan. Yèn wis endhogé banjur kapendhem ing pojok papat mau. Déné sawabé ora kemalingan lan liya-liyane

137