Kaca iki wis divalidasi
No. 144. Sa’ at.
Sa’at kanggo lelungan lan liya-liyane keperluan, bakal nemu slamet. Yaiku yèn lelungan dina :
| 1. | Akad, | pangkaté ing wewayangan pecak 10, sa'at iku nalikané menjangan ngalahaké macan. |
| 2. | Senén, | pangkaté ing wewayangan pecak 6, sa'at iku nalikané gajah ngalahake singa. |
| 3. | Selasa, | pangkaté ing wewayangan pecak 2, sa’at iku nalikané tikus ngalahaké kucing. |
| 4. | Rebo, | pangkaté ing wewayangan pecak 4, sa'at iku nalikané precil ngalahake ula. |
| 5. | Kemis, | pangkaté ing wewayangan pecak 11, sa'at iku nalikané celeng ngalahaké warak. |
| 6. | Jumuah, | pangkaté ing wewayangan pecak 13, sa'at iku nalikane kalajengking ngalahaké kadhal. |
| 7. | Setu, | pangkaté ing wewayangan pecak 12, sa'at Iku nalika sarpa ngalahake garudha. |
No. 145. Sa' at.
Sa'at kanggo lulungan dina lan pasarané, neptuné digunggung, yen gunggunge katemu :
- lakuning bumi, sa'at kang becik : lingsir kulon lan asar.
- lakuning geni, sa'at kang becik : ésuk, lingsir wetan lan tengangé.
- lakuning angin, sa'at kang becik : tengangé.
- lakuning ngaras pepet, sa'at kang becik ; ésuk lan soré
- lakuning ngaras tuding, sa'at kang becik : lingsir wétan lan tengangé.
- lakuning ngaras kembang, sa'at kang becik : ésuk lan soré.
- lakuning lintang, sa'at kang becik : ésuk lan tengangé.
- lakuning rembulan, sa'at kang becik : lingsir wétan lan tengangé.
- lakuning surya, sa'at kang becik : ésuk lan soré.
- lakuning banyu, sa'at kang becik : lingsir wétan.
- lakuning bumi, sa'at kang becik : lingsir kulon lan soré.
- lakuning geni, sa'at kang becik : ésuk lan lingsir wetan.
Neptu dina lan pasaran miturut kasebut ing kaca 7 No. 2
115