Kaca iki wis divalidasi
- Yén jimak ing dina riyaya Sawal, awana utawa bengia, bocahé cacad tangané utawa sikile.
- ,,arep lulungan utawa ana ing paran, bocahé ngentèkaké bandhane wong tuwa, karem mbuwang dhuwit.
- ,,ing pawuhan, bocahé dadi weweri (durjana).
- ,,karo wuwuda bocahé ora idhep isin
- ,,karo andeleng perji, bocahé wuta ing sabarang (bodho)
- ,,karo andeleng lintang rembulan, bocahé ora duwé cahya.
Nabi Mohamad s.a.w. angandika, sing sapa umatingsun ajimak karo bojoné mangka padha manut ing dhawuhingsun, bakal pinaringan anak bagus saleh lan
pinaringan ilmu akèh.
No. 123. Larangane wong ajimak (saresmi ) awan utawa bengia.
Dina Akad jam 10 ingga 11, jam 5 ingga 6.
,, Senen, ,, 8 ,, 9, ,, 3 ,, 4.
,, Slasa, ,, 6 ,, 7, ,, 1 ,, 2.
,, Rebo, ,, 12 ,, 1, ,, 5 ,, 6.
,, Kemis, ,, 10 ,, 11, ,, 3 ,, 4.
,, Jumuah, ,, 8 ,, 9, ,, 1 ,, 2.
,, Setu, ,, 6 ,, 7, ,, 11 ,, 12.
No. 124. Dununging rasa wedharing rahsane wanita.
- Pakulitan putih, dununging rasa ana pipi karo, ambungen pipiné karo, wedharing rahsa samangsa-mangsa.
- ,,mbambang awak, (abang), dununging rasa ana ing mripat karo lan payudara (susu) karo, ambungen mripat lan payudarane karo, wedharing rahsa lingsir bengi.
- ,, kuning dununging rasa ana ing alis karo, ambungen alisé karo, wedharing rahsa sirep bocah.
- ,, kuning langsep, dununging rasa ing pupu tengen, grayangen pupune tengen, wedharing rahsa jam 333.
- ,, kuning semu wilis (ijo), dununging rasa ana ing bahu karo, rangkulen bahune karo wedharing rahsa sirep bocah.
- ,, ireng, dununging rasa ana ing pupu kiwa, grayangen pupuné kiwa, wedharing rahsa ing jam 8.
- ,,ireng manis, dununging rasa ana ing kuping karo, ambungen kupinge karo, wedharing rahsa sirep bocah.
107