Kaca iki wis divalidasi
No. 121. Tandha rasaning wanita.
- Pawakan cilik, kulité abang semu biru, ngrempel sisinome (rambut ing bathuk), rambut akas ireng dawa, manis pasemoné, iku nikmat banget ing asmara.
- Pawakan cilik respati, rai ngungguwang kuning semu ijo, sinomé ngrempel, iku nikmat banget ing asmara.
- Lencir mbambang awak, rambut akas ulat galak, iku simpen kanikmataning asmara.
- Lencir kuning galak ulat, mripat njait lindri, gulu manglung, meri sikilé, iku nikmat ing asmara.
- Cilik andhap, sikilé merit, dhadha mungal, iku nikmat ing asmara.
- Kuning mbenglé keris, srenteg pangawak dara, mripat njalt, rambut ngandhan andhan, iku simpen kanikmataning asmara.
- Dhénok kuning gedhe pawakané, tajem polatane payudarane (susu) sedhengan, rambut memak dawa, aweh nikmating asmara.
- Kulit rada kuning semune ijo, cilik respati badane, sumiral raine, ngrempel sinome iku nimat ing asmara.
- Kulit mbambang awak, nanging raine' semu kuning, rambut akas ngulit adas, iku nikmat ing asmara.
- Gulune manglung, sikile merit, iku nikmat ing asmara.
- Bau lan pundhak rada megar, (ndegeg), sikile cilik merit, iku nikmat ing asmara.
- Badané cilik mbambang awak, nanging raine semu biru, ngrempel sinome, iku nikmat banget ing asmara.
- Dedeg lencir, semu abang rainé, akas rambute, iku sedhengan nikmate ing asmara.
- Kulit kuning mbenglé keris, srenteg pangawak dara, mripat njait, rambute brintik, tembunge sareh, iku mung sedhengan nikmaté ing asmara.
- Kulit ireng semu klawu, mangka jenenge ana aksarane, yen sanggama ambungen lambene, wong iku banjur ora gelem pisah, iku sedheng nikmating asmara.
No. 122. Rahayuning turun.
Mangka angandika Nabi Mohamad s.a.w. mangkéné:
- Yèn jimak (saresmi) ing wayah awan utawa bengi ing dina : Akad, Slasa, 'Rebo, Setu, bocahe ora dhemen agama.
- " ing wayah awan utawa bengi dina Senen, Kemis, Jumuah, bocahe dadi wong mukmin, bekti ing Allah lan wong tuwane lan sapadhane.
- " Ing tanggal sapisan utawa pungkasané tanggal awana bangia, bocahe bodho banget, bisa uga dadi edan.
106