Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Panengerane wong wadon kang ora setya ing laki.
  1. Rambuté akeh ketel banget, ing pilingan rambuté uga ketel banget, mripaté lirak - lirik.
  2. Lambéně nai laler, sirahe dhongok, yèn lumaku sirahé obah gedhak gedhek, lembéhané tangan dawa, yèn gumuyu cangkeme ditutupi tangan, yen lungguh sikile obah.
  3. Irungé lincip nanging ora mbangir, mripat terang nanging obah ngiwa nengen, sirah lan tangan tansah obah.
  4. Pakulitane putih kaya kapur, dagingé lemes, bathuke rada dhuwur, mripate bunder, telapukané alus banget, yen ndeleng kriyip kriyip.
  5. Mripate yen ndeleng kamitenggengen, sikile yen lungguh digantung lan obah edhèg, lagéane ngusapi rambut lan mbenerake gelungané lan kerep ngemèk janggute.
  6. Mripat katon rupané abang, putihing mripat semu kuning.
  7. Swarane kaya wong lanang, bangkekané cilik cangkeme amba, untune lincip, lagéané utawa omonge ethok - ethok kaya wong suci. wong wadon kang kasebut ing ndhuwur ora setya ing laki, dhemen marang lanang seje.


Panengerane wong wadon kang ora becik lakune.
  1. Bathuke ing tengah-tengah nonong, kupinge mbalik mengarep, mripatenai laler kriyip kriyip, wong iku watake laki ping telu utaw luwih.
  2. Raine pakulitané rada abang, pinggiring mripat ngisor ndhuwur rupane ireng, irung bagéan ndhuwur ana geret - gereté, wataké ora nduwé tresna lan tegel marang lakiné, dhemen golèk wong lanang seje.
  3. Yen gumuyu sirahé ndhingkluk, omonge kaku, yèn arep omong ilaté metu dikawetake ing lambé, watake sanajan karo wong lanang kang luwih asor uga gelem melik, lan ora nduwe isin sanajan kesumurupan wong liya.
  4. Rainé rupané rada semu ijo, lan ana urate biru katon wiwit ing papahing. irung tekan ing bathuk, inripat ciut peteng, kedhèpé nrithil, wong iku yen lagi dhemen marang wong lanang seje, gelem lan tegel gawé kacilakan utawa kasusahané lakine
  5. Mripat gedhe amba mendhelo kaya matane iwak mas, wong iku sing lanang mati dhisik.
  6. Suwarané kaya gembreng benthèt, raine amba sugih daging, wong wadon iku sing lanang mati dhisik.
  7. Pipiné gembil (gedhe mendhhukul), suwarane kaya wong lanang, wong wadon iku sanajan wis laki ping 7 uga ijih duwe karep laki manèh.
  8. Bathuke banget nonong, nanging yen ing tengahing bathuk lincip godhonging kuping mbalik mengarep, wong wadon iku sanajan wis kerep laki, nanging ijih duwe kepengin laki maneh.

105