Kaca iki wis divalidasi
- Kulit putih kaya kapur, utawa kulite ngernu lenga, dagingé lemes."
- Pinggir cangkem geret - geret!
- Dhadha dawa, bokong mumbul mandhuwur.
- Pundhak brojol (tumurun) bangкèkan cilik.
- Puser (wudel) papané rada mangisor.
- Penthil susu tumurun mangisor.
- Sikile kuru dawa kaya sikil manuk cangkak.
- Badane lemes leyar - leyor.
- Perji gundul utawa rambut perji kasar.
- Sirah gedhé rambut arang, utawa sirah cèpèr bathuk ciut.
- Yen merem alisé kisut.
- Wentisé ana wuluné.
- llat lancip landhep.
- Bathuk amba, pilingan rambuté ketel.
- Untuné lancip kaya untu tikus.
- Badan pendhèk gulu sengkek, utawa badan dhuwur gulu sengkek, utawa badan lemes kuru dhuwur.
- Gulu kuru alisé arang.
- Bangkèkan ndengkèng weteng cilik (kempès).
- Utawa bangkèkan megos driji cendhak.
- Yèn lumaku sirahé obah, lan sirahe kerep manglung mangarep, tangané uga obah. Utawa lakune memper lakune bebek.
- Yen ngadeg sikile sing siji miring, utawa tansah obah, utawa tangané iyo obah.
- Yen ndeleng wong, mripaté kerep kedhepé lan plirak - plirik.
- Sirahé kerep tumungkul, mripaté miring, utawa mripate dhemen nglirik lan ngintip, lan dhemen ndeleng kang ora mestine dideleng.
- Saben lumaku satindhak ping telu ngobahake badan.
- Yen ketemu wong, dhemen ngumpetaké raine, nanging mripate katon nglirik.
- Sadurunge omong, gumuyu utawa mesem dhisik.
- Yen omong pedhot pedhot' lan omongané ora ana tujuane kang temtu lan perlu
- Yèn nyaritaké apa apa, kerep lali.
- Dhemen omong dhéwé sajroning ati.
- Yèn gumuyu, swarane kaya swara jaran.
- Dhemen noleh memburi.
- Tandange katon bingung.
- Yèn narik napas bangkèkané obah.
Saka 49 bab kang kacaritakake ing ndhuwur iku, yèn wong wadon rupane utawa lagèané (solah tingkahe) ana sahebab, rong hebab utawa luwih, ngeplèki saka salah sijiné bab-bab mau, wataké wong wadon iku ora becik, ora kena dipercaya kasetyané marang wong lanang, akeh melike marang wong lanang liya.
104