Kaca iki wis divalidasi
- Setu Kliwon, kesed, butarepan, wani mring laki.
- Akad Legi, weruh sasmita, akeh begjané, bisa ngrewangi laki, nanging rada wani lan kurang begtine.
- Senen Paing sungkanan, peteng atiné.
- Slasa Pon, waskitha, gedhé begjane rila legawa, bekti laki, nanging gampang nepsuné mring laki.
- Rebo Wagé, rila legawa, bekti laki, karem pepasihan.
- Kemis Kliwon, pinter dhemen iimu, meneng dhemen mbodho, wruh ing laki.
- Jumuah Legi, rila balaba donyane, nanging ora antepan ing laki.
Uga katurangganing (wataking) wanita
Kang becik wawatakané.
Kang becik wawatakané.
- Sirahé bunder, rai uga bunder kaya rembulan purnama (tanggal 14) Bathuke rata (ora nonong ). `
- Mripat kepara amba dawa sembada lan mawa cahya kinclong kinclong, yen ndeleng tajem arang kedhepé, lan ora tau ndeleng sarana nglirik.
- Alisé dawa kepara lempeng, wuluné ora pating besasik.
- Irung lempeng kapara ambangir, garis sakiwa tengening irung katon cetha.
- Cangkem sedheng, lambe damis mingkem, untuné ora katon, sarta rupané untu gilap putih lan tumata rata kaya isi timun kepara gedhé sathithik. Dhasaring lambé rupane menger - menger abang nom.
- Kupinge kandel becik wanguné.
- Jangguté wangune becik lan sangiscang janggut dagingé kandel.
- Pipine rata ora meudhukul (gembil).
- Dariji tangan mucuk eri, nanging rada kaku lan kukune kandel, epèk - epèké kandel alus lemes, suwalike (kurebé) kang ana rajahé (garis-garis tangan) katon luwih alus yen didemek lumer kaya sutra.
- Dalamakan sikil wanguné becik, mangkono uga darijině, sarta uga sarwa kandel alus, lan darijiné mau uga rada kaku lan kukune kandel.
- Dhadha amba ing mburi dagingé rada kandel.
- Babalung lan pakulitane awak alus lemes, nanging kengkeng (singset).
- Yèn omong alon patitis wijang-wijang prasaja, ora gelem. ngrasani wong, swarane alus terang.
- Yèn gumuyu sajaké anteng ora ngobahaké badane.
- Yèn lungguh sikilè tumata lurus (yen sila mlepes ora ngedongkrong), anteng badanè ora obah, tangané ora sraweyan.
101