Kaca iki wis divalidasi
Wataking wanita miturut lahire.
- Wataking wanita, yèn lahir ing dina :
- Setu Paing, iya becik iya ala, yèn becik ngluwihi becike, yèn ala ngluwihi alane, ora marem ing kakung,
- Akad Pon, bekti laki, lantap, gedhé butarepané.
- Senen Wage, bekti laki, pinter getapan rembugé, ora gelem kalah karo guru laki.
- Slasa Kliwon, ora bekti laki, tnanging gampang keno godha.
- Rebo Legi, iya becik iya ala, yèn becik ngluwihi becike, yèn ala keliwat alane.
- Kemis Paing, bekti ing laki, nanging gampang kena godha.
- Jumuah Pon, rembugé wani mring laki, boros, gedhe alangané, nanging jinurung Hyang agung.
- Saptu Wage, luwih bekti mring laki, pinter, satiti ngati-ati, nanging sring ora derman anak-anak.
- Akad Kliwon, sungkanan, butarepan, kurang opèn mring laki.
- Senen Legi, wani mring laki, nanging nggawa rejeki.
- Slasa Paing, kurang opèn mring laki dhemen pamér.
- Rebo Pon, butarepan, nanging ora ngetarani, kurang open mring laki.
- Kemis Wage, pinter ngrampungi sabarang gawe, akeh rijekine,nanging lantap, lakine éring lan gampang godha.
- Jumuah Kiwon, bekti laki, waskitha kareping laki, ngati-ati, sinung rejeki, nanging gedhe butarepane
- Setu Legi, sinung rejeki, lantap ing laki, kudu ngalap menang.
- Akad Paing, sugih rijeki, sakarepé dadi, nanging rusuh dhemen barang kang ora kalal, wani mring laki.
- Senèn Pon, ora antepan mring laki.
- Slasa Wagé, akèh rijekine, akèh sanake, wani mring laki, dhemen laku silib.
- Rebo Kliwom, sungkanan, kesed, kurang open mring laki.
- Kemis Legi, gedhe butarepané, dhemen laku ngiwa, ora bekti laki.
- Jumuah Palng, saèn, kurang bekti laki.
- Şetu Pon, akeh rijekine, ngati ati, cethil, wani mring laki.
- Akad Wagé, resikan sabarang gawe, bekti mring laki ora gelem tampa barang kang ora kalal.
- Senen Kliwon, saèn, sungkanan dremba, asih mring laki.
- Slasa Legi, lantap, sumangkéan, wani mring laki, nanging akeh sihe lan berbudi.
- Rebo Paing, kesed, drengkl, butarepan.
- Kemis Pon, bisa amet prana ing laki, temah kinasihan nanging batine lamis mring laki, dhemen laku ngiwa, akeh rijekine.
- Jumuah Wage, akeh rijekine, bisa sugih, nanging tega mring laki, crobo dhemen laku ngiwa.
100