Kaca iki wis divalidasi
- Kulit kuning ototé jo, pating clekenthung sinome (rambuté bathuk), mripat liyep lindri, manis, gunemé aris, alus jatmika, iku gemi, pradah, sugih dhahulat, pinter, bekti laki, kuwat dimaru, iku luwih becik.
- Lencir kuning, rada ijo riyu - riyu rainé, lakuné macan luwé léyad - léyod.
- Kulit kuning, rambuté akéh dawa akas, Ing pucuk lemes.
- Kulit putih, akéh gunemé, akas rambuté bisa nekakaké bandha, oleh rahmating Ailah, dhemen agama, iku luwih becik.
- Kulit mbambang awak (abang) semu ijo, badan cilik aceti sambada leléwané, rambuté atap dawa semu ljo, iku mustikaning wadon, bisa mumpuni, iku becik banget.
- Kulit mbambang awak, semu ijo rainé, manis polatané, iku pradhah, gedhe sihe mring laki.
- Lambungé cilik, kumetep semuning rai, lumer alus kulité, rambuté ireng lan akeh, iku narimane ing laki.
- Dedeg dhuwur, ajalt mripaté, gandhes yen guneman, bisa ngéntasi gawé lan bisa simpen wadi.
- Badan amba sembada, dawa raine, sikilé ireng, rambuté Ireng lemes, iku bisa nekakake bandha, nanging yen purik lunga saka omah.
- Badan mrabu ayu rupane, prasaja ruruh jatmika, kurang guneme, berbudi, setyo bekti ing laki, dhemen tapa, iku becik banget. Nanging yen ora kepadar, karepé banjur purik.
- Dedeg lencir kulit kuning, semu galak, njait mripaté, nastiti sregep, kajaba becik uga nikmat rasaning sanggama.
Kang ala wawatakane.
- Kulit ireng manis, riyep-riyep polatané, rambuté lemes ngandhan - andhan, iku ora atepan ing laki.
- Kulit kuning, badané cilik gedhe susuné, lemes rambuté, iku tega patining laki.
- Kulit kuning, susu cilik, andheng - andhengé ing kuping, lemes rambute, abang pucuk, iku panas lan boros.
- Kulit kuning, rambut akas dawa lan abang tekan pucuk, iku ala.
- Dedegé dhuwur kuru, rainé luncup, sikilé dawa, iku boros lan sdhèng ing laki.
- Raine lonjong abang bantat, gulune dawa, Iku ala.
- Rainé semu abang, guluné dawa, iku ala banget.
- Raine rada cupet, mbabang awak, rambut akas ngandhan - andhan, mripat julalatan, iku dhemen laku jina.
99