“Mur... kowe ki ora usah nang ngendi-endi, mengko nek Bapakmu arep butuh apa-apa ndak aku bingung goleki kowe.”Pak Mursi mung meneng waeninggalake Mbah Noyo lan Mbah Ngapiyah tumuju omahe.
“Bu... gentian kana sing jaga Bapak isih seneng karo mbah Ngapiyah. Ya wis mengko gentian ibu. Ya wis kana Bapak dhahar lan sare dhisik,” wangsulane Bu Tinah kalem.
“Menapa Bapak dinten Setu dalu mboten pamit?" pitakone Bu Tinah “Ora sempet!” wangsulane Mbah Noyo alon. “Lan menapa sampun kondur, biyasane seminggu teng rika?”“ Awakku ora enak maneh, dadi aku bali” “Nggeh pun Bapak istirahat mawon”
Pasuryan pucet, kringete metu akeh lan watuk-watuk. Mbah Noyo ora aleman, pancen dheweke lara, Mbah Noyo banjur ninggalake Bu Tinah tumuju omahe arep ngglethakake awake.
Saka omah krungu sambate Mbah Noyo, jero banget. Kaya nahan lara sing nemen banget. Bu Tinah banjur cepet-cepet nemoni maratuwane. Nang omah ditemoni Mbah Noyo sing wis ambruk. Bu Tinah sing ndelengke Mbah Noyo bingung, kringetadem metu, lan awake gemeter. Bu Tinah ora isa ngapa-ngapa, arep njunjung ora kuat, isane mung bengak- bengok njaluk tulung. Sarto sing lagi gawe wedang kaget, gelase pecah. Banjur Sarto mlayu nemuni Bu Tinah sing njaluk tulung. Nang kana ditemoni Bu Tinah sing coba njunjung Mbah Noyo sing semaput, nanging oraisa.
“Bapak menapa niki, Mbak, kok nganti ambruk?” pitakone Sarto gemeter. “Ora ngerti. Aku tekan kene Bapak wis ambruk, yo mau cen sambat lara karo aku. Aku ora ngira ngasi kaya ngene. Yo wis ayo gek dibopong bareng, awakeadem banget,” pangajake Bu Tinah nyoba tenang.
Sarto lan Bu Tinah banjur mbopong Mbah Noyo, tangga teparo sing weruh langsung ngewangi. Pak Hadi sing duwe mobil nawani ngeterake nang omah sakit. Bu Tinah lan Sarto melu numpak mobil nang omah sakit, Ngomah nganti ora keurus. Lawange ora ditutup, nanging tangganenutupkelan ngewangi njaga omahe.
Bu Tinah wong sing seneng tetulung lan sregep ana ing kegiatan sosial. Dheweke ya wong ora nduwe, nanging kuwi dudu alesan ora tetulung marang liyan. Uwong sing kenal Bu Tinah ngerti yen Bu Tinah wong apik, beda karo maratuwane. Tanggane gelem nulung amarga mantune kuwi.