Mula Bukane Gunung Tambalan
Sabanjure Ki Tambal ngajak saperangan pawongan kang sacedhake kono, diajak tirakat nyenyuwun supaya ora bakal ana prahara udan barat maneh dikantheni kurban gong emas duweke Ki Tambal.
Kanthi gomolonging ati tanpa rasa eman marang barang pangaji, bengi iku kaleksanan apa kang dadi niate Ki Tambal. Kaseksen pawongan kang mbiantu anggone tirakat, gong emas kagungane Ki Tambal dipendhem ana ing tengahing gunung mau. Kabeh padha ikhlas merga kanthi tujuan mulya yaiku nylametake kahanan lan tetuwuhan ing papan kono. Ora ana kang duwe niat bakal ngedhuke lan njupuk gong emas mau, mergo padha pracaya menawa gong emas kang kanggo nambal mau wus lebur lan ngasilake kamulyaning urip.
Ki Tambal lan sisihane banget ditresnani dening warga, marga wis akeh lelabuhane marang warga ing kono. Uripe sabanjure ora akeh kacritakake. Pitakon sapa ta sejatine Ki Tambal iku saprene durung dingerteni.
Kanyata kanthi lelabuhane Ki Tambal kahanan alam pulih maneh malah saya subur. Piyambake ninggal tuladha kang luhur yaiku tansah setya marang Sang Hyang Maha Agung lan gelem ngurbanake barang pangaji kanggo keslamatene wong akeh.
Sawuse sepuh lan sedo, Ki Tambal disarekake ana ing gunung iku, persis sadhuwure anggone mendhem gong emas. Tekan saiki pasareane padha diuri-uri. Papan iku tekan ujaning jaman saiki katelah Gunung Tambalan.
Gunung Tambalan katon asri, ing perangan dhuwur kanggo paserangan, ana uga kang sumare ing kono KRT. Jayadiningrat ingkang nate ngasta paprentahan ing kabupaten Bantul. Dene kahanan alam ing kono arepa papane dhuwur tetep akeh wit-witan kang subur lan sawah kang ngubengi gunung tansah subur ora tahu kekurangan banyu. -@
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
99