Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

M.Mariyam

dheweke kaya digawa angin tumuju papan kang dhuwur, endah lan jembar. "Ngger, Ki Tambal anakku, delengen papan ing ngisor kae." Ki Tambal nindakake apa kang didhawuhke swara mau. Ing kono Ki Tambal weruh kang mili, ora ono pampete kaya banyu tan kena dindeke. Ki Tambal age nyuwun pirsa: "Lepen pundi ingkang mili kados boten kendhat toyanipun punika?"Swara mau paring wangsulan: "Kuwi pralambang urip Ngger, besuk kowe bakal mangerteni kang dak duduhake iku. Mung pesenku aja nglalekake Sang Hyang Maha Agung, merga iku kang tansah paring pitulungan marang kowe", barengan karo binukane mripate Ki Tambal. Ki Tambal ora crita marang sapa-sapa bab kang dialami iku. Dheweke karo urip kang saben dinane nyoba nggagas-gagas apa ta tegese kabeh kang wus dialami mau.

Urip iku saupama rodha, bisa ana dhuwur lan bisa uga ana ngisor, kahanan uga ora ajeg. Semono uga kang dialami masyarakat kang wektu iku durung ngalami jaman kamardikan. Urip sok dadi ora tentrem, nanging kanthi usahane Ki Tambal anggone tansah nyaket Sang Hyang Maha Agung, bisa nentremake ati kang asring krasa tintrim. Kayata kadadean ing tlatah kono, rikala lagi wae mangsa tetuwuhan padha thukul ing kono kedadeyan ana udan barat nganti pirang-pirang dina. Banyu bisa dadi kanca kang bisa nguripi nanging uga bisa dadi mungsuh kang marakke mati. Prahara udan barat pirang-pirang dina iku ora mung ndadekake wit-witan ambruk, tanduran ing sawah padha mati keleban banyu,

longsoring pegunungan kang kanggo manggon Ki Tambal. Anggone longsor ora ana kurban jiwa nanging banget gegirisi. Ana saperangan gunung kang growong. Ki Tambal nampa kahanan mau minangka pacoban ana ing uripe, dheweke tetep matur nuwun ing kahanan kaya mengkono marga papan kanggo dienggo manggon Ki Tambal ora owah, kamangka sakiwa tengene padha longsor. Ki Tambal gagas-gagas apa sakjane kersane Sang Hyang Maha Agung kanthi kedadean iku. Dheweke ke lingan rikala digawa ing papan kang dhuwur, endah lan jembar kinanthen ana swara. Ki Tambal nyoba nggathukake kedadean mau. Pranyata saka swara mau dheweke wis dijarwani menawa bakal ana kedadean koyo mengkono iku.

Ki Tambal duwe panggraita kepriye anggone bisa mulihake kahanan gunung kang padha longsor mau. Rikala wong-wong padha bingung marga kahanan iku, Ki Tambal kang tansah laku prihatin lan cerak marang Sang Hyang Maha Agung mau oleh pitedah. Papan iku bakal bali apik menawa Ki Tambal gelem ngurbanake barang pangaji kang tekan saiki isih kasimpen. Ki Tambal mikir barang pangaji apa kang seprene isih digawa, kang wus suwe ora karumat. Mak byar kaya binuka paningale Ki Tambal, dheweke kelingan menawa isih duweni barang pangaji awujud gong kang digawe saka emas, mbok menawa iki kang dikersakake barang pangaji.

88

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta