Mula Bukane Gunung Tambalan
Mireng apa wangsulane mau, abdi mau padha manthuk-manthuk lan pracaya. Sawise iku age-age padha nyuwun pamit. Saka apa kang dikandhakake pawongan marang abdi mau, wis dingerteni menawa asmane mbah Tambal, ora ngerti larah-larahe kok asmane kaya mangkono.
Abdi mau wis tekan ing dalane sesepuh tlatah iku terus padha matur ngaturake apa kang wis dingerteni. Apa ature abdine ditampa apik, pranyata tekane pawongan anyar mau ora nyemelangi.
Kepriye uripe "Ki Tambal" kanggone masyarakat ing sakiwatengen ngisor gunung kono? Pranyata apa kang saben dina ditindakake ing bab tetanen padha ditiru. Kepriye anggone ngrabuk tanduran nganggo gegodhongan kang sadurunge dicampuri tlethong utawa inthil padha ditiru. Saengga tanduran pari lan palawija katon subur ijo royo-royo. Saliyane kuwi uga apik kanggo kasarasan. Kepriye anggone ngopeni tetanduran kang dianggep ora migunani nanging jebul duwe kasiat marasake sawernaning lelara. Sik penting uga anggone laku prihatin nenuwun marang Sang Hyang Agung iku uga padha ditiru dening wong-wong kang padha tepung karo Ki Tambal. Dadi tekane ing papan kono duwe pengaruh panguripan masyarakat ing tlatah iku.
Minangka janima limrah ingkang cinipta, Ki Tambal mbutuhake kanca anggone nglakoni urip iku. Piyambake omah-omah karo bocah wadon saka padesan ora adoh saka kono. Sawise dadi garwane bocah wadon iku katelah kanthi sebutan Nyi Tambal. Dadi ing kono wis ana pawongan loro kang manggon yaiku Ki lan Nyi Tambal.
Wektu tansah gilir gumanti. Ki Tambal sekalian urip ana ing papan iku katon tentrem. Saben dina nindakake pagawean-pagawean lumrah lan ora ngedap-edapi. Saka pagawean lumrah iku ngasilake bab-bab kang apik kang uga pada diconto masyarakat kang padha ngerti, kayata anggone rukun karo sisihane, sregep nyambut gawe lan tansah setya suhu marang Sang Hyang Agung.
Masyarakat ing tlatah kono kang maune padha percaya marang kekuatan-kekuatan alam kayata watu gedhe, wit gedhe, lan liya-liyane terus padha wiwit nata pengandele nganggo carane dhewe-dhewe kepriye anggone pracaya marang Sang Hyang Maha Agung. Dadi uripe Ki Tambal sekalian wis gawa owah-owahan padatan ana ing papan kono.
Tekan wektu iku oran dingerteni sapa sejatine Ki Tambal kuwi lan ngopo ujung-ujunge teka ing papan kono, kamangka wektu iku lagi ana penjajahan bangsa manca. Ki Tambal ora ngatonake jati dirine kang satenane. Asring uga menawa ana serangan saka pihak mungsuh, rakyat padesan dadi korban, mula akeh kang padha ngungsi keplayu ana ing papan panggonane Ki Tambal. Mungsuh angel anggone ngerteni merga papane rungkut, dhuwur, adoh saka omah-omah penduduk.
Nuju ing sawijining wengi, rikala kaya padatan Ki Tambal nindakake tirakat,
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
87