M.Mariyam
Pinuju ing sawijining wektu, rikala bumi nuswantara iki dijajah manca, wong-wong padha ndhelik arep nylametake awake. Anggone ndelik golek papan-papan kang adoh saka karamean saengga ora bakal konangan tentara mungsuh. Papan kang dituju biasane ana ing padesan-padesan lan gunung-gunung kang arang diambah wong-wong.
Kacirita ana salah sawijining pawongan kang keplayu tekan papan kang durung ana arane mau. Pawongan iku kena diarani misterius marga durung padha dikenal masyarakat ing sakiwatengene kono. Ananging gandheng katon ora nyemelangi pawongan mau oleh manggon ing papan anyar iku. Dheweke milih manggon ana ing papan dhuwur, kang dianggep wingit iku. Wong-wong padha gumun, geneya kok wani mapan ing kono.
Sawise mapan ing kono, dheweke lekas mbabadi rerungkutan kang ora migunani, diresiki mbaka saperangan lan gawe papan kangge ngaso. Yen ora duwe kepentingan pawongan mau arang-arang mudhun saka papan mau.
Apa kang ditindakake pawongan mau? Kanyata pawongan mau saben dina nindakake laku prihatin kanthi semedi nenuwun marang Sang Hyang Maha Agung. Sajak piyambake duwe niat kang becik kanggo tujuwan uripe.
Kahanan bab sekane pawongan mau kapireng ana ing sesepuhing tlatah wewengkon kono, kang duweni panguwasa tlatah kono mau. Mula terus utusan abdine supaya golek keterangan bab anane.
Pagawean ing saben dinane ngupakara lemah ing papan kono lan uga golek iwak ana ing sagara, kuwi kanggo nyambung uripe, saliyane iku dheweke uga nindakake laku kanthi pasa, semedi nenuwun marang Sang Hyang Maha Agung. Pawongan anyar ing tlatah kono. Dhawuhe marang Abdi-abdine: "Goleka sisik melik ana ing tlatah kulon Lipura, marga ing kono ana priyayi kang durung pati dimengerteni". Abdi-abdine banjur padha nindakake apa kang didhawuhke mau, padha mangkat arah mangulon ing sakulon panggonan kang arah Lipura.
Pirang-pirang dina anggone padha mlaku lan takon-takon, akhire ketemu papan sing dituju. Ing kono ketemu karo pawongan kang pinuju lagi nenandur ana ing kebon anyar ing papan kang dhuwur iku. Prisa ana tamu pawongan mau enggal mbagegake: Sampeyan punika sinten dene karsa rawuh ing papan kula mriki?"
"Kula punika utusanipun sesepuh ingkang gadahi panguwaos ing tlatah mriki. Lajeng punapa ingkang dados wigatosipun rawuh mriki? "Kula kadhawuhan nyenyuwun prisa bab karawuhan panjenengan, injih Asma, asalipun. Tuwin maksud tujuanipun ngantos panjenengan manggen ing papan punika." O makaten, kula badhe matur bilih kula kaparingan asma "Ki Tambal", asal kula saking wewengkon sak lor Ngayogyakarta, wondene pedaleman kula tetanan menapa dene asring pados ulam ing seganten. Dados menika mergi kula boten badhe nyilakakake tetiyang ing mriki.
86
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta