Mula Bukane Gunung Tambalan
M.Mariyam

Saman biyen kahanan durung kaya jaman saiki. Contone kahanan lingkungan, dalan-dalan uga cacahe wong kang manggon ing bumi iki. Isih akeh papan kang kebak tanduran, rerungkutan, apa maneh papan kang dianggep wingit. Panguripan masyarakat jaman samono uga isih caket banget karo alam, uripe katon prasojo merga cedhak alam saben dina. Dene kahanan alam ing wewengkon Ngayogyakarta uga warna-warna wujude, ana gunung, pesisir, lemah, lan liya-liyane. Saka tulisan iki arep dakceritakake mula buka kadadeyane "Gunung Tambalan", sing mapan uga ana ing tlatah Ngayogyakarta.
Ing jaman samana, ana salah sawijining papan sing dhuwur nanging ana ing saktengah-tengahe padesan merga kiwa tengene papan mau diubengi sawah. Ing kono durung ana siji wae wong sing manggon, kejaba papan rungkut, adoh saka omah-omah penduduk uga pancen cacahe wong durung akeh kaya jaman saiki.
Gandheng ora tahu kasrambah pawongan, papan mau katon ora kopen, wit-witan sawernane padha thukul ora kerumat. Suwening suwe dadi kaya alas grumbul ana ing papan kang dhuwur mau. Masyarakat sakiwatengene uga ora wani nyrambah apa maneh methik tanduran saka papan mau. Mula akeh kang ngarani papan mau wingit utawa angker.
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
85