Winarsih
"Aturna, aku dak mirengke."
"Nyuwun sewu, tiyang sepuh kula menika Panembahan Senopati ratu wonten ing Mataram."
Mireng yen garwane jebul putrine Panembahan Senopati, Ki Ageng Mangir duka gedhe. Tanpa dipenggalih, Pembayun arep diperjaya. Pembayun pasrah marang Ki Ageng Mangir. Nanging sakdurunge diperjaya, piyambake nyuwun dimirengake ature. Pembayun ngaturake yen rila diperjaya jalaran dianggep putri mungsuhe Ki Ageng Mangir. Nanging bayi kang dikandhut iku ora dosa. Yen Pembayun diperjaya padha karo Ki Ageng Mangir merjaya putrane dhewe. Kanthi atur mau Ki Ageng Mangir mendha dukane.
Sabanjure Pembayun nyuwun marang garwane kersa sowan marang Panembahan Senopati. Rara Pembayun matur yen Panembahan Senopati mesthi kersa nampa pisowanan Ki Ageng Mangir. Mesthi wae Ki Ageng Mangir ora kersa, nanging jalaran saka pangrimuke garwane, Ki Ageng Mangir banjur kersa nuruti panyuwune garwane.
Ana ing dalan, Ki Ageng Mangir mangu-mangu apa ya piyambake bakal ditampa tenan dadi putra mantu dening Panembahan Senopati, kaya sing diaturake dening garwane. Panggonan Ki Ageng Mangir mangu-mangu mau sakbanjure ciarani Bantul amarga penggalihe Ki Ageng Mangir mendat mentul antarane terus mlaku utawa mandeg, kondur Mangiran ora sida sowan Panembahan Senopati. Panggonan kuwi tekan saiki isih diarani Bantul.
Akhir carita, Ki Ageng Mangir sida sowan Panembahan Senopati ing Mataram. Kaya patrape sapa wae kang arep marak sowan ratu Mataram, kabeh gegaman kudu dipasrahake marang prajurit Mataram, kalebu Tombak Baru Klinthing kang dadi sipat kandele Ki Ageng Mangir. Ana ing pasowanan iku Ki Ageng Mangir ditampa dadi putra mantu, nanging uga tetep dianggep musuh. Mula ana ing pisowanan iku Ki Ageng Mangir diperjaya dening Panembahan Senopati kanthi migunakake dhampar kencana.
Pasareyane Ki Ageng Mangir saiki bisa ditemoni ing Pasareyan Ageng Raja-raja Mataram ing Kotagede. Jalaran Ki Ageng Mangir iku mantu dalem uga musuh, mula pasareyane separo ana ing njero beteng lan separo ana ing njaban beteng kang ngupengi pasareyane sentana dalem.
Ora let suwe saka rampunge dongeng simbah, bocah-bocah iku nuli turu nglintek. Kanthi mesem, simbah mbenakake kemul supaya bocah-bocah ora kadhemen. Crita bab piye asal-usule sakperangan panggonan kudu dingerteni bocah-bocah iki supaya bisa duwe rasa handarbeni marang kabudayane dhewe.-@
84
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta