Asal Usul Jeneng Sakrepangan Desa Ing Tlatah Bantul
"Sendika dhawuh Ndara."
Para punggawa banjur golek kayu ing desa kono nanging ora bisa oleh gawe jalaran regane larang. Jalaran kadadeyan mau, mula desa mau banjur diarani desa Nglarang. Dene panggonan tugele kayu piranti mikul gamelan kasebut dijenengake Gunung Sepikul. Jeneng papan sakloron isih dilestarekake. Papan iku kalebu ing kukuban Pandak, kabupaten Bantul.
Kacarita, amarga akeh wong kang seneng nanggap ledhek mau, saya suwe kabar anane ledhek iku saya kawentar. Ki Ageng Mangir kang uga mireng anane rombongan ledhek mau nuli ngersakake mirsani dhewe kaya ngapa kaendahane. Mula rombongan ledhek didhawuhi pinarak ana ndaleme. Nalika Ki Ageng Mangir priksa ledhek mau, piyambake rumangsa kesengsem, banjur mratelakake yen piyambake kepengin nggarwa ledhek mau. Ledhek kang saktemene Rara Pembayun mesthi wae sarujuk marang kersane Ki Ageng Mangir jalaran pancen panglamar iku kang dituju.
Ki Ageng Mangir lan Rara Pembayun klakon dhaup. Nanging Ki Ageng Mangir ora priksa yen Pembayun iku sejatine putrine Panembahan Senopati, mungsuh bebuyutane. Sepisanan Pembayun pancen ora duwe rasa tresna marang Ki Ageng Mangir. Nanging suwening suwe jalaran saka kulina, Rara Pembayun dadi tresna marang garwane. Apa maneh ora let suwe Pembayun nggarbini. Tresnane marang garwane saya kandel.
Mireng yen putrine klakon kadhaup dening Ki Ageng Mangir, panembahan senapati banjur ngirim utusan supaya ngelingake putrine marang kuwajibane. Pembayun didhawuhi supaya mikut Ki Ageng Mangir kanthi alus. Ananging Pembayun ora mentala jalaran kadhung tresna marang garwane iku. Katresnan kang sejati antarane Pembayun lan Ki Ageng Mangir kasebut karipta ana ing tembang Kala Ganjur. Sabanjure tembang kasebut kanggo tetenger desa Ganjuran uga klebu ing tlatah Bantul, ana ing lor Mangiran.
Senajan Pembayun banget tresna marang garwa, nanging piyambake banjur nyuwun marang garwane, nanging panjenengane uga kapang marang ramane. Mula piyambake banjur nyuwun marang garwane supaya ngeterake sowan marang rama ibune.
"Banjur wong tuwamu iku sapa Dhiajeng?" ngendikane Ki Ageng Mangir marang garwane.
"Nyuwun pangapunten Kangmas, menawi kula matur sinten tiyang sepuh kula, kula ajrih Kangmas duka dateng kula."
"Lho kepiye bisane dingerteni asmane marasepuhe malah duka? Ora Dhiajeng."
"Saestu njih? Menawi Kangmas mboten duka, kula bade matur.
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
83