Winarsih
ing tengah-tengah wewengkon Mentaok. Sakliyane kuwi, Lipura uga adoh saka ilining banyu kang gedhe. Pungkasane, Sutawijaya netepake yen punjere pamarentahan bakal dibangun ana ing kulon kali Opak, kang aran Pleret. Ana ing papan iku nuli dibangun kraton Mataram, alun-alun, pasar lan sakpiturute. Ora let suwe papan kuwi dadi panggonan kang rame. Pasare saya suwe saya gedhe. Panggonan pasar iku saiki banjur diarani Sargedhe utawa Kotagedhe. Dene Sutawijaya banjur madeg ratu aran Panembahan Senopati.
Senajan kraton Mataram saya maju lan ngrembaka, ananging uga ana kang ngalang-ngalangi kemajuane. Ana kawula sing madeg kraman, salah sawijining kawula iku aran Ki Ageng Mangir Wanabaya. Ki Ageng Mangir ora gelem tunduk marang Panembahan Senopati amarga rumangsa duwe kasekten kang ngedab-edabi jalaran kagungan sipat kandel sing aran Tombak Baru Klinthing. Dene Panembahan Senopati ngersakake nyawijine sakabehe tlatah Mataram, saka lor mengidul tekan pinggiring segara.
Kanggo numpes kraman mau, Panembahan Senopati nyuwun iguh pretikel marang sesepuh kraton kang asmane Ki Juru Martani. Dening Ki Juru Martani, Panembahan Senopati diiguhake supaya mikut Ki Ageng Mangir kanthi cara alus. Kanthi cara alus, ora bakal ana bebanten kaya lumrahe paprangan. Apa maneh tlatah Mangiran kuwi ora adoh saka punjere Mataram. Dening Ki Juru Martani, Panembahan Senopati diaturi ngutus putrine yaiku Rara Pembayun.
Nalika semono Ki Ageng Mangir surung kagungan garwa. Mula Panembahan Senopati ngutus putrine mbarang turut lurung dadi ledhek. Ancase supaya yen anggone mbarang tekan panggonane Ki Ageng Mangir, piyambake bisa kesengsem marang ledhek kasebut. Yen kesengsem banjur digarwa dening Ki Ageng Mangir.
Rara Pembayun nglakoni apa kang dadi didhawuhake ramane. Rombongan ledhek mangkat saka kraton Mataram nuju ing papan kang klebu kuwasane Ki Ageng Mangir. Papan kang saiki diarani Mangiran iku arahe kidul kulon kraton Mataram. Rombongan ledhek mau mbarang turut lurung. Jalaran adoh nggone mlaku tumuju ing papan dununge Ki Ageng Mangir, rombongan ledhek wis nate arep njugar olehe nerusake laku. Gandheng gedhe tekade mbangun turut dhawuhe Panembahan Senopati, mula lakune tetep diterusake.
Sakdurunge tekan desa Mangiran ana kedadean kang ora dinyana-nyana yaiku kayu kang dinggo mikul gamelan tugel. Ngadhepi kahanan kaya mengkono, para punggawa kang ndherekake Rara Pembayun matur marang bendarane.
"Kados pundi menika Ndara Putri? Kajeng ingkang kagem mikul gamelan tugel?"
"Yo uwis ora punapa, kuwi dudu salahmu Paman. Mbok menawa pancen wis suwe anggone nganggo kayune, saenggo gampang tugel. Saiki Paman dadhawuhi golek gantine ing desa sak kiwo tengen kene."
82
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta