Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Asal Usul Jeneng Sakrepangan Desa Ing Tlatah Bantul

kasil ngalahake Aryo Penangsang saka Jipang kang ngreridu pamarintahane Sultan Hadiwijaya.
 Sutawijaya mbukak Alas Mentaok mengku karep arep mbangun kraton Mataram. Ananging pambukake Alas Mentaok kasebut ora gampang jalaran dialang-alangi dening jim sing nunggu alas kasebut aran Jim Jalumampang utawa Jathamamrang. Jim kasebut sekti banget saengga Sutawijaya rumangsa kangelan anggone nglungakake jim iku saka Alas Mentaok.
 Gandeng Sutawijaya ora bisa ngalahake jim kasebut mula piyambake banjur tapa ana ing kisike segara kidul. Miturut crita, ana ing sakjroning tapa Sutawijaya ditemoni dening ratu segara kidul kang aran Nyi Rara Kidul.
 "Danang Sutawijaya, coba delengen sapa kang tedhak ana ing sakngarepmu iki," ngendikane Ratu Kidul.
 Krungu suwara mengkono iku, Sutawijaya mbadharake tapane, banjur matur, "Nyuwun pangapunten Nyi, kawula ngusik katentreman paduka."
 "Apa reribet kang njalari sira marak sowan nemoni ingsun?"
 "Kawula badhe mbikak Alas Mentaok paringanipun rama Hadiwijaya, sakmangke badhe kula damel kraton."
 "O, mengkono. Banjur apa perkarane?"
 "Alas menika dipun tengga dening jim Jalumampang ingkang ngalang-alangi kekajengan kula. Kula mboten saged ngalahaken jim menika. Paduka menapa kersa mbiyantu kula nyingkiraken jim menika?"
 "Iyo taksaguhi. Nanging ana sranane.
 "Menapa srananipun Nyi Ratu?"
 "Kowe lan kabeh anak turunmu kang dadi raja kudu dadi sisihanku. Saguh?"
 "Injih, ngestokaken dhawuh," ature Sutawijaya.
 Sutawijaya banjur perang tandhing klawan Jim Jalumampang. Jalaran diewangi dening Ratu Kidul, mula jim kasebut gampang dikalahake dening Sutawijaya. Alas Mentaok bisa uwal saka pangregeme jim kasebut. Sakbanjure Alas Mentaok banjur dibangun mbaka sethithik.
 Sakwise papan mau wiwit dibukak, Sutawijaya mangu-mangu nemtokake ngendi papan kang bakal didadekake punjere pamarintahan. Sakjeroning nenimbang kasebut, Sutawijaya nenepi ing sawijining papan cedhak pinggiring alas. Panggonan kasebut bisa nentremake penggalihe sing lagi kuwur. Panggonan mau sakbanjure diparingi tetenger Lipura saka tembung lipur kang tegese ngleremake ati. Ing wektu saiki, panggonan kasebut diarani Bambanglipura.
 Sutawijaya nate menggalih yen panggonan mau bakal didadekake punjere pamarentahan. Ananging niyat mau diwurungake jalaran Lipura ora dumunung


Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

81