Rukun Agawe Santosa Crah agawe Bubrah
kandhane Raja Semut.
Sawise mangan, awake Tikus krasa kepenak. Wetenge wis ora krasa ngelih maneh.
"Kowe kok bisa tekan kene, Mut?" pitakone Tikus.
"Nalika aku lan kawulaku mlaku-mlaku, aku krungu suwara gereng-gereng saka omahmu. Banjur aku lan kanca-kanca niliki. Jebul kowe sing gereng-gereng. Ora let suwe kowe banjur semaput. Mula aku lan kanca-kanca nunggoni kowe kawit mau. Ana sauntara anggonmu semaput," kandhane Raja Semut.
"Nek ngono, aku ngaturake matur nuwun marang kowe, Mut. Nek ora kok tulungi mesthi aku wis mati. Manawa aku wingi nuruti kandhamu, mesthi ora kaya mangkene kadadeyane," Tikus ngaturake matur nuwun marang Semut.
"Ya, padha-padha Kus. Sing baku kowe wis slamet lan waras maneh. Mula sanadyan rumangsa awake kuwat lan pinter, mesthi wae ana apese. Embuh iku kewan, apa dene manungsa. Saumpamane nduweni kaluwihan lan kapinteran ora kena umuk amarga mesthi isih ana sing ngluwihi sakebehe yaiku Gusti Kang Maha Agung. Durung mesthi salawase sing cilik iku kalah karo sing gedhe. Lan aja lali kudu sregep nyambut gawe, seneng tetulung, lan tansah gawe kabecikan sarta karukunan marang sapa wae. Bebasane "Rukun Agawe Santosa Crah Agawe Bubrah," kandhane Raja Semut.
Tikus manthuk-manthuk nandhakake yen dheweke sarujuk karo kandhane Raja Semut.
"Iya, Mut aku sarujuk karo kowe. Saiki aku eling. Aku ora arep umuk maneh," wangsulane Tikus.
"Ya uwis sarehne wis rada sore aku arep bali. Kae isih ana panganan kanggo kowe mengko manawa krasa ngelih," ujare Raja Semut.
"Sepisan maneh aku ngaturake matur nuwun ya Mut. Aku ora bakal nglalekake kowe," kandhane Tikus.
Sabanjure Raja Semut ngajak kawulane bali menyang omahe amarga langit wis wiwit mendhung arep udan maneh. Sabudhale Semut, Tikus nduweni tekad ora arep umuk maneh. Tumindake ya arep luwih becik, gelem tetulung, arep nandur kabecikan lan karukunan marang sapa wae kaya apa sing dikandhakake Raja Semut "Rukun Agawe Santosa Crah Agawe Bubrah". -@
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
79