Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sri Haryanti

ngelih, mula kapeksane dheweke metu saka leng. Ing ngendi-endi banyu isih katon megung. Tikus mlaku kanthi alon-alon, nyingkiri banyu, golek papan sing garing kanggo mlaku tumuju menyang papan sing biasane dianggo dheweke golek pangan. Tekan ing papan panggonan sing dituju mau, Tikus rumangsa gela. Papan mau kebak banyu dadi ora ana panganan sing bisa dipamgan kanggo ngganjel wetenge sing krasa ngelih banget.

Tikus terus mlaku saparan-paran, ancase mung siji yaiku luru pangan. Ananging ing ngendi-endi padha wae, ora ana pangan. Sangsaya suwe weteng Tikus sangsaya ngelih. Sikile wis abot kanggo jumangkah.

"Huh... huh... huh..., dhuh biyung wetengku ngelih banget. Aku wis ora kuwat mlaku maneh, kepriye iki menawa aku mati ing tengah dalan," sambate Tikus karo nyekele wetenge. Dumadakan ana bledheg muni banter banget. Atine Tikus saya gigrig. Wusanane Tikus bali ing omahe tanpa asil apa-apa. Anggone mlaku alon banget, awake gumeter, kringete dleweran. Sikile krasa abot kanggo jumangkah. Nanging mbaka sithik wusanane Tikus bisa tekan ing ngomahe. Nalika arep mlebu ing omahe, dheweke krungu suwara kewan sing lagi pesta sinambi nyanyi lan nabuh tetabuhan. Tikus njreng kupinge, maspadakake ing ngendi asale suwara mau.

"Sapa ya sing seneng-seneng nalika wayah mangkene," ujare ing njero batin. Sikile jumangkah nuju asale suwara mau. Pranyata suwara mau asale saka leng, papan panggonane bangsa Semut. Tikus banjur dhodhog-dhodhog lawang omahe Semut tanpa daya.

"Mut, Semut. Aku tulungana. Silihana aku panganan," ujare Tikus. Wis udakara suwe Tikus dhodhog-dhodhog lawang nanging tetep ora ana Semut sing mbukakake lawang amarga kabeh Semut ora ana sing krungu. Kabeh lagi padha seneng-seneng. Amarga ora ana sing mbukakake lawang, wusanane Tikus bali menyang omahe. Awake Tikus saya suwe saya lemes, bisane mung gereng-gereng.

Dina candhake wiwit esuk langite terang. Srengengene jumedhul. Hawane uga rada anget. Ing njaba kewan-kewan liyane uga wis padha metu. Sejatine Tikus kepingin melu metu golek pangan nanging awake wis ora kuwat maneh. Arep mbengok njaluk tulung, suwarane wis ora kuwat. Ora krasa, Tikus semaput. Anggone semaput rada suwe. Dheweke bisa eling amarga awake krasa anget. Mbaka sithik Tikus melek. Tikus rumangsa kaget amarga awake wis ana sing ngemuli. Mripate ndelok kahanan sakiwa tengene, jebul dheweke dirubung dening bangsa Semut.

"Piye Kus. Kowe wise ling. Puji syukur dhuh Gusti," ujare Raja Semut.
"Kowe sing nulungi aku, Mut?" pitakone Tikus.
"Wis, aja kakehan omong dhisik. Iki dipangan dhisik panganane supaya enggal waras. Kowe mesthi ngelih banget. Nek uwis banjur diombe wedange,"



78

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta