Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rukun Agawe Santosa
Crah agawe Bubrah

Sri Haryanti

Wiwit zaman biyen, Semut iku klebu kewan kang kondhang sregep nyambut lan tetulung marang sapa wae. Kajaba iku Semut uga ora seneng gawe crah karo liyan, senengane nandur kabecikan lan tansah sayuk rukun karo kewan liyane.
Wayahe wis ngancik mangsa rendheng. Saben dina wis bisa dipesthekake mesthi mendhung, swarane gludhug uga wis wiwit ngganter-ngganter, kala-kala malah wis dibarengi udan sanajana durung kerep. Akeh bangsa kewan sing wis wiwit pindhah panggonan golek papan panggonan sing kebeneran ora pas kena mangsa rendheng supaya bisa urip lan gampang anggone golek pangan. Dene kewan sing ora pindhah, wis wiwit keklumpuk pangan kanggo celengan nalika mangsa udan wis teka, kayata sing ditindakake bangsa Semut. Saben dina wiwit esuk tekan sore, bangsa Semut padha gugur gunung sayuk rukun golek pangan bebarengan banjur ditumpuk ing leng sangisore wit ringin kang dadi papan panggonane bangsa Semut. Kabeh mau ditindakake supaya nalika mangsa rendheng teka wis ora padha susah golek pangan.
"Ayo, ayo... siji, loro, telu padha maju golek pangan bebarengan," ujare Semut Abang kang dadi rajane bangsa Semut.
"Siji, loro, telu. Sayuk rukun golek pangan," wangsulane para kawula Semut.
Kabeh bangsa Semut wiwit panggedhe tekan kawula cilik padha sayuk rukun golek pangan bebarengan. Ora lanang, ora wadon, lan ora ndelok pangkate, kabeh padha giyat anggone nyambut gawe. Kabeh mau ditindakake amarga ngelingi


74

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta