Jago Kluruk Tengah Wengi
dadia pepeling, apa kang taktampani aneng ndalan mau ora ngurang-urangi antebing tekadku sowan, ngaturake sembah sujud pangabekten ana Mataram.
"Kene, Ngger! Nyedhaka marang ramamu, Bagus Mangir!" ngendikane.
Kanthi esem kang njalari rasa pagrasaku tentrem aku didhawuhi nyedhak marang ramaku, iya ramaning Pembayun. Priyayi iki kang saksuwening suwe takanggep satru, saiki kanthi esem edi lan kebak pangalembana nampani tekaku
kanthi kurmat. Gage-gage anggonku arep nyembah sukune, ngaras dlamakane, ngaturake sembah bektiku. Ora lali taksuwun kersaa paring pangkasama saksuwening suwe anggonku menthang-menthang, murang tata.
"Ingkang sepisanan kula ngaturaken sembah bekti kula dhumateng Sinuwun Nata Mataram tuwin sedaya kadang saha kulawarga Metaram. Lan inkang nomer kalihipun kula nyuwun agunging..."
Durung genep anggonku matur kesusu pambengoke Pembayun ngobong kahanan. Disusul wutahe getih saka pilinganku. Tangan kang mau kanthi welas asihe ngelus-elus rambutmu ginanti sikil, sikil kang kebak panepsu. Tanpa welas mblesek-mblesekake sirahku aneng dhampare.
"Nimas, apa kang takwedeni saiki wus pinasthi. Aku kumudu-kudu nampani mati. Mati aneng ngarsane rama kang banget anggonku tresna, senajanta amung sakedheping netra. Jejegna uripmu, dhuh Nimas! Kanthi kawicaksanan lan kanthi ngelmu kang wis tokgegulang sasuwening suwe sliramu dadi sisihanku. Aku kleru, Nimas! Aku kleru nampa endahing esem pulasan ramamu. Aku dilali lelamisaning lathi. Golekana, Nimas! Ngendi dununge tuladha laku utama kuwi? Ngendi dununge lan endi kawicaksanane priyagung ing Ngeksiganda kuwi? Kang tansah tapa brata lan kang tansah nenepi ing siyang ratri. Memper, Nimas! Memper! Kacang mangsa ninggal lanjaran. Sakmesthine umpama aku dadi duraka. Awit, awit, Nimas! Aku isin, aku isi, Nimas! Ramamu tumindak culika. Tumindak culika memper durjana, Nimas! Pungkasaning aturku, Nimas! Aja sumelang. Aja sumelang tumraping katresnanku. Ora ana kang bisa ngungkuli tresnaku marang sliramu. Ora ana kang bisa ngilangi katresnan iki, Nimas! Senajanta kudu takgawa mati." sambatku lirih. -@
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
73