Imam Wicaksono
"Ayo, Nimas! Sowan rama!" suaraku abot.
"Ngestokaken dhawuh, Kangmas!"
Aneng ndalan atiku tansah ora bisa jenjem. Ora pisan pindho takwurungake pisowanan iki. Atiku kaya-kaya sempal keprapal umpama ngelingi anggonku satron marang Mataram. Aku rumangsa mangkel, uga rumangsa kleru marang panemuku. Kanggo pepeling tlatah iki takjenengake Palbapang. Mbesuk umpama ana sawijining pawongan kang kahanan atine kaya-kayaa sempal, tansah eling-elingana tlatah iki. Awit ana tlatah iki uga, kaya mangkono kang takrasakake. Lakuku kaya-kayaa taksengkakake, aku wis ora jenjem maneh. Tansah ora bisa sumeleh umpama durung midak lemah Mataram lan sungkem aneng suku Panembahan.
Lakuku menggok mengalor. Bareng karo anggonku jumangkah, atiku sangsaya ora karu-karuan. Mendat mentul pating glangsur mbebeda laku. Kanggo pangeling-eling maneh takwenehi peparab tlatah iki Mbantul. Peparab mau kareben tekan mbesuk bisa nyunggingake kahanan atiku nalikane sepisanan sowan Panembahan.
Durung suwe anggonku mlaku maneh, aneng saklore tlatah Mbantul dhadhaku kaya-kayaa dijojoh alu kang banget gedhene.
"Leren sedhela, Nimas! Mandhega sedhela, dhadhaku mobat-mabit banget larane." sambatku.
Kanggo unjal napas rasane uga banget lara. Takrasak-rasakke kaya-kaya iga-igaku sangsaya njepit. Mbokmenawa kuwi kang marai angele anggonku unjal napas.
"Eling-elingen, Nimas! Iki dudu prastawa sepele. Prastawa iki mbokmenawa nyasmitani anggonku sowan ana Mataram mengko. Takparabi tlatah iki tlatah Cepit. Mbesuk kareben dadi pangeling-eling samubarang wong kang ana tlatah kene. Mbiyen pepundhene tau ngrasakake banget lara ana dhadhane memper dijepit-jepit." takterusake aturku.
Lakuku kang takrikatake njalari cepete anggonku tumuju Mataram. Ambal-ambalan aku nyabda tlatah-tlatah kang takliwati bareng sisihanku mau. Ndhongkelan, nalika rasa pangrasaku didhongkel panepsu kang bisa murungake anggonku sowan. Tegalgendhu, nalikane aku tekan satengahing pategalan kagungane Mataram. Pungkasane Ndharakan, tlatah kang kanggo ninggalake samubarang gawan kalebu pusaka umpama arep sowan marang ratu. Apa kang taksabdakake ora liya amung kanggo pepeling kawicaksanan mbesuke. Senajanta atiku sempal keprapal, rasa pangrasaku mendat mentul, dhadhaku memper dijepit kang njalari kandhege lakuku sauntara, lan pungkasan dongkelaning panepsu kang kumudu-kudu tansah dipesu. Kabeh mau taksungging ana tlatah-tlatah mau. Muga
72
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta