Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Jago Kluruk Tengah Wengi

banget dadi pepilingku nalika semana, nalika sliramu kumawani ngrogoh atiku kang wis tadkdelikake primpen, paribasan sumimpen aneng impen. Sangsaya taklali-lali wewayanganmu, sangsaya wewayanganmu ngrerujit ati. Isih cetha nalikane sepisan sliramu teka ana tlatah iki. Dumadakan ana gendhing-gendhing tinabuh alon, disusul kupingku kang nyandhak endahe tembang-tembang Asmaradana. Atiku kaya-kaya ditinting, ditanting, lan pungkasane ditantang marani keramean kuwi. Bareng takcedhaki, durung mandheg getering atiku dumadakan gendhing-gendhing mau diowahi malik dadi gendhing-gendhing tlutur. Dhuh, Gusti! Prebawane kaya-kayaa mlesat mlayu kadya jemparing kang playune bisa ngungkuli wektu. Nrabas sakwernane pepalang, lan pungkasane nigas ilining katresnanku. Tumancep jero, ninggal branta jroning ati kang banget takrasakake tumekaning saiki. Pungkasane taksawang kanthi prayoga beksanmu. Taksawang tanpa kendhat drijimu kang kadya pucuk-pucuking eri katone edi, apameneh nalikane ngipatake sinommu kang katon renuh-renuh. Durung cukup semono, lathimu. Lathimu, Pembayun! Kang lir manggis karengat sanalika ngulungake besusing esemmu. Esem kang tansah ngreridu lan ndadekake pangimpen-impenku. Pungkasane netramu, Pembayun! Netra kang kadya manila intening bumi. Netra kang tansah sulistya, ngandharake endahing samodra tresna. Setitekna, Pembayun! Setitekna ora bisa-bisa aku. Iya aku, Mangir! Kang sesumbare sembada kadya Kakrasana, kang kumalungkung diileni getih Majapahit, kang ora tau nggugu marang ratu iki bisa-bisaa nyungging endah, edi, lan besusing kuwandamu, Pembayun! Pembayun, aku nandhang branta! Kasulistyanmu saguh mbedhahake brantaning asmara kang saiki lir bengawan bena.

Semono bingungmu, Panembahan! Semono bingungmu ngadhepi prebawaku. Apa wis tobat anggonmu menggalih kepiye nyranani nyingkirake aku? Saengga anakmu, kathi kasulistyane kokutus kanggo mulasara tresna lan ngawut-awut branta tumrapku. Ana ngendi jayakawijayanmu? Aku mangerteni, umpama koirid wadyabalamu menyang Mangir, sliramu bisa wae menang. Ananging umpama menang, sliramu uga ora bakal kondhang. Memper umpama ratu menang, nyilakani tlatah cilik. Ananging umpama kalah, apa ora kondhang anggonmu wirang. Bingungmu, padha bingunging atiku nalikane Pembayun matur minangka utusanmu. Luwih ajur meneh nalikane Pembayun uga matur minangka putri kinasihmu, Panembahan! Gelem ora gelem takulur-ulur ususku. Aku wis keblebet tresna marang putri kinasihmu. Takeluk atiku, kepiye wae saiki sliramu gelem ora gelem, kudu dadi wongtuwaku. Kathi alesan mangkono sethithik mbaka sethithik taklunturake drengki minangka sliramu satru tumrapku. Awit aku ora kepingin nyidrani atimu ateges duraka.

Kanthi golonggiliging tekad, taksarujuki panyuwune sisihanku sowan marang ramane.


Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

71