Imam Wicaksono
Apa kang dadi dhawuhe ratu, sakbisa-bisaku takanggep barang kang kleru. Ora cukup among barang kleru, ananging uga barang kang saru lan ora prelu disengkuyung apameneh oleh pisungsun. Awit ngapa, awit umpama taklarah-larah aku iki uga turunan ratu. Keparaa, aku iki luwih mumpuni sakabehe, aku luwih sekti, aku luwih mitayani. Getih kang mili aneng kuwandaku iki dudu getih memper getih. Iki getih turun Majapahit. Umpama nganti ana sing tetes keperang gaman turuning Mataram, nyuwun agunging pangaksami. Kepeksa, kepeksa tampanana pangamukku sakwadyabalaku. Kelakone geger gung, kelakone taksampluki mustakane ratu klawan kadang lan wadyabalane, kelakon anggone pecah lan ajur mumur kuwandha-kuwandhamu. Setitekna dhuh, Ratu! Setitekna kanthi setiti, surti, lan kanthi ngati-ati. Ketemu pirang prekara, ana ratu ndhawuhi ratu. Sepira ampuhmu bisa kumawani ndhawuhi aku.
Aku wis lali, malah keparaa ora tau nggagas maneh. Wis kaping pira anggonku ngendhani pisowanan lan nampik sakwernane bebana minangka pisungsuning ratu. Butuhku aneng Mangir iki amung nggayuh tentreming urip, nggegulang kalbu amrih sumelehing atiku. Ora ana sapa ratu lan sapa babu. Prekara aku antuk pisungsun gedhe saka wong-wong Mangir, kuwi merga aku minangka pepundhene tlatah iki. Aku ora nglungguhi kalenggahan ratu, aku ora kepingin nduweni apa kang diarani Sabda Pandhita.
"Kangmas, umpami sampun sekeca penggalihipun mangga kula aturi sowan rama." ature ngati-ngati.
"Apa ora kesusu kuwi, Nimas?"
"Nuwun sewu, Kangmas! Saestu mboten. Awit sampun mapinten-pinten wulan menika kula sampun tatas, mboten nate sowan malih. Kula ajrih, Kangmas! Kula ajrih saestu, sampun ngantos rama kagungan penggalih ingkang kirang prayogi tumraping kula. Langkung-langkung kula minangka lare estri, Kangmas! Kelangkung mboten prayogi umpami ngantos nyidrani penggalihipun rama. Awit tiyang estri menika sejatosipun tuking katresnan saha welas asih. Umpami sekedhik kemawon kula mboten saget ngugemi paugeran menika kula ajrih, Kangmas! Kula lingsem kaliyan manah kula piyambak."
"Iya, Nimas! Takcoba taksilemi reribetmu." sambungku
Nimas, luwih prayoga kaya mangkono. Luwih trep tinimbang kudu takundang Pembayun. Pembanyun, senajan nama kang arum nanging aku suthik ngundang mangkono. Kuwi ateges aku ndilat iduku dhewe. Aku nyiriki apa kang mambu Mataram, ananging aku isih ngenganggo barange Mataram. Contone isih ngenganggo nama reriptane Mataram. Bejane, bejane sisihanku ora nate ngudarasa sasambungan karo namane kang takreka meneh sawise bisa takrengkuh katresnane. Pembayun, wus angel pangeling-elingku umpama sliramu nedha aku wangsulan, kapan anggonku ketrajang katresnan mring sliramu. Amung kang
70
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta